Kelakuwan Hang Ngerusak Aran Donya Wisata Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Desember 2025 07:07 WIB)
- Laporan
Ana bain kelakuwane wong hang hing ngarti kelendi sarane mbangun reputasi njaga aran destinasi makene turis lan wong kelenceran ngerasa aman lan diregani.
Dadi ceritane, ana rombongan bis hang nggawa wong ngelencer teka Surabaya njujug ring Bangsring hang wis kesuwur kelawan anane pelestarian laut lan ekosisteme.
Ring kono laute dijaga, iwake hing ulih dipancingi, ditanduri terumbu karang, ana Rumah Apung, panggonan wong kelenceran bisa ndeleng iwak, makani iwak lan malah ngelangi bareng anake iwak mungsing hang dirawati ring kono.
Merga kesuwure, Bangsring iki tau dadi destinasi hang paling akeh ditekani wong kelenceran sak Banyuwangi, seliyane Gunung Ijen lan Boom.
Pentinge njaga aran sore iku dirusak ambi wong loro, hang jare pulisi hang nakoni, dudu wong hang ngelola Bangsring. Wong loro iku maksa bis hang parkir ring kono mbayar 150 ewu.
Nana wis, jamane medsos, sedhilut bain wartane nyebar. Emane pemda Banyuwangi telikas ulihe nangani kasus gedigenan makene hing tuman kanggo njaga amane lan nyamane wisatawan.
Kadhung digeningaken, kasus iki bisa ngerusak aran pariwisata Banyuwangi, jare Plt. Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, Taufik Rohman.
"Marek weruh ana berita gedigu, kene langsung koordinasi lintas sektor ambi Pokdarwis Bangsring, Kepala Desa, Camat lan Polsek Wongsorejo," jare Taufik dina Minggu (14/12/2025).
Wong loro hang nyacak ngerusak aran donya kelenceran Banyuwangi iki digiring nang kantor pulisi, dijaluki keterangan lan tanda tangan pernyataan kadhung mbaleni maning arep diperoses hukum.
Minangka rasa tanggung jawab moral lan komitmen ngelayani publik, Pemkab Banyuwangi nyatakaken siyap mbalekaken picis pungutan liar nyang bis hang ngalami nasib apes sore.
Wong ngelencer iku dhayoh kehurmatan Banyuwangi. Pemerintah hadhir lan nduwe tanggung jawab. Kene kudu masthekaken gok hing ana wong kelenceran hang dirugekaken, jare Taufik
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Bwi24jam
Editor: Antariksawan Jusuf

