Kembang Kirim Kaya Kembang Ulang Taun

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Februari 2026 05:16 WIB)
- Laporan



Nerusaken nggesahaken Nyekar lan Ngeruwah. Ring tulisan Bedane Nyekar Ambi Ngeruwah - bdc 20/2) ditampilaken ilustrasi nganggo Akal Imitasi (AI) yaiku wong lanang lungguh ring pinggir kuburan tepak nyekar, naming kembange dudu kaya anjrahe kembang kirim naming kaya kembang kanggo wong hang ngerayakaken dina dadine (ulang taun). Kayane kadhung diemataken dadi rada mohal.
   Naming Moh. Syaiful hang kawitan nulis adat teradhisi nyekar ngarepaken puwasa warah gok kedadeyan gedigu iku temenan ana.
    "Isun tau nyaruki wong nyekar nganggo kembang-kembang ulang tahun iku, wonge wong adoh nunggang montor apik. Wong sugih pantese kembange kembang larang-larang. Kembange ditingkesi kaya kembange lare nom-noman ngelamar bakale. Wonge marek nyekar ngalih lan mulih. Kembang nong kuburan dadi rebutan digawa mulih lare cilik-cilik."
  Karine hang dadi rebutan mauka ning juru kunci makam diperetheli aju disebar nong kuburane aju dicoroti banyu, pungkasane saiki padha wis ambi kuburan-kuburan liyane, jare Syaiful. Kuncene apikan?
   "Kuncen kene saiki wis bayaran kabeh, bayaran ulanan. Tanggung jawab nong kuburan, ana uga hang nerima khusus teka keluwarga sugih-sugih ngerawati limang kuburan gajian dhewek.
   Dene Ngeruwah, kadhung jare Syaiful, iku ngirim donga nyang ahli kubur tapi nganggo berkatan arupa panganan. Panganane mauka beda ambi selametan-selametan liyane, merga nganggo tambahan kolek utawa kopyor utawa dhawet, panganan hang biyasahe dienggo buka puwasa.
   Kadhung nyekar iku teradhisi jiarah kubur
mung nganggo kembang kirim saranane sing usah nganggo panganan.
   Mula arane teradhisi, beda-beda carane lan arane saben desa. Kabeh diterima.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor