Kerawu Pakis lan Banyu Kekeb

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 07 Januari 2026 06:35 WIB)
- Laporan



Kerawu Pakis lan Banyu Kekeb

Sore ana warta keseripahan hang dikawiti ambi istilah: Kerawu Pakis. Istilah iku disilih teka adate wong Kemiren Glagah kadhung ana wong sampek umur, keluwargane olah kerawu pakis diedum nang lare-lare cilik. Hing mung nong Kemiren, setemene nong Rogojampi, jare Moh. Syaiful, kerawu pakis iki ya ana pisan.
   Naming nurut Kang Ujik, ring Pengantigan kecamatan Banyuwangi sega ithuk kerawu pakis iku kanggo lare-lare hang uwong tuweke melabot. Iwuh paran bain. Kadhung ana uwong mati adate lare lare diedumi ithuk sega urab.
   Jaman bengen, sedurunge ana wedding organizer, sewa gedung lan liyane, wong iwuh ditulungi ngersaya ambi tangga-tanggane, sedina muput sampek hing kober nong pawon kanggo nyedhiyani mangan laki lan anake.
   Kanggo butuhe keluwargane para pelabot iki wis dicepakaken dhewek ambi wong hang duwe gawe. Lare-lare anake wong hang melabot hang elom wetenge wayahe madhang, teka nang emake adhuk-adhuk nong lawang celuk-celuk emake njaluk mangan. Ya iki maksude sega ithuk kanggo lare-lare.
   Ring Banyuwangi ana pisan dum-duman berkat teka wong hang keseripahan, umpamane selametan pitung dinane utawa 40 dinane.
   Ana wong tuwek hang menging anake hang buru aron teka kadheman mangan berkate wong mati. Makene hing kumat.
   Ulih mangan, naming dikongkon ngombe banyu kekeb tutupe kukusan hang dikosek gagange sapu kerek sulung.
   Kadhung ring Gitik Rogojampi, ceritane Satria Pujangga, banyu kambuwan bida maning. Banyu diwadhahi kekeb aju kekebe ditampesaken nyang bathuke bengahan ping telu.
  Setemene, jare Kang Ujik, sak liyane banyu kekeb hang dikosek sapu kerek utawa kekebe ditampesaken sulung ring bathuke bengahan, iku kanggo njumbulaken sugesti.
  Hang hing pati dititeni, ana wacanan yaiku bismillah lan solawat telu. Kekeb hang dimaksud supaya larene sing mageb-mageb kerana kaget utawa kelunjuk. Sampek nangis kepiyer
   "Kabeh iku ihtiyare uwong tuwek. Kadhang hing melebu akal, tah akale hang sing bisa melebu?" 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor