Kerawu Pakis: Papang Sapari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 31 Desember 2025 06:16 WIB)
- Obituari
Kerawu Pakis: Papang Sapari
Tepak ruwahe wong Karang Tipis Banyuwangi Pak Abdul Kahfi dadi walikota Jakarta Pusat, kaya biyasahe teka isuk nggawa tas kothak hang ana cekelane nong ndhuwure. Serta gadug ring lobi kantore, iyane ndeleng ana lare hang katone lare Banyuwangi nong bagiyan pendaptaran terima tamu.
Pak Kahfi aju nabok wedidang sikile larene nganggo tase. Masiya durung tau kecaruk Pak Kahfi bisa maca gok lare iku ana perlu nggoleti iyane. Temenan. Lare iku lare Banyuwangi hang tepak butuh picis dienggo mbayar kontrakane merga wis kasep.
Lare iku arane Papang Sapari. Iyane nemoni Pak Kahfi sakperlu ngadol lukisane seniman Banyuwangi Mozes Misdy. Masiya ditawa mung setengahe naming dipicisi kontan ambi Pak Kahfi. Kala semono picis lukisane iku istilahe cukup dienggo mbayar kontrakane setaun. Wakeh pokoke.
Kelawan picis teka Pak Kahfi, hang diserahaken ambi pegawai DKI arane Pak Hafandi Noer (saiki sesepuh Ikawangi Pusat), Papang bisa nerusaken perjuwangan uripe ring ibukota.
Marek iku iyane tau dadi Sales pabrik seng. Merga kuwate niyat kanggo mbecikaken uripe, Papang hang lulus teka SMPP Banyuwangi lan tau kuliyah ring Akademi Seni Drama dan Film (Asdrafi) Yogyakarta iki, kuliyah maning ring kelas eksekutif Fakultas Hukum. Setemene iyane diterima ring FH Universitas Indonesia kalingana luluse teka Institut Blambangan (Iblam) duwene wong Banyuwangi ring Depok. Jaman semono Papang milu aktip ring Ikawangi lan kerep dadi MC ring acara-acara Ikawangi.
Hing mandheg nong kono, iyane kuliyah S2 sampek S3 ring Universitas Trisakti Jakarta. Marek ulih gelar doktor, iyane mbukak kantor pengacara Pari Lawfirm ring parek umahe Puri Depok Mas.
Bangete jamane covid, Papang hang bengen jaman nom-nomane dhemen ngudud, keneng penyakit sampek gulune dibolongi. Iyane tau ngomong, pengalamane kadheman iku nggawe iyane kaya-kaya wis cendhek umure. Cumpu kuwasane Pengeran iyane aron sampek bolongan ring gulune nutup maning, balik wutuh kaya hing tau dioperasi. Suwarane hang sedurunge ilang, balik maning.
Ceritane rabine, Papang ketelon ambi rabi lan anak pupone tanggal 23 Desember sore nyetir montor dhewek nang Palembang. Seliyane manpaataken preiyan nong kampunge hang wadon ring Sekayu Sumsel, iyane kepingin kecaruk kancane sekolah bengen hang saiki manggon ring Palembang yaiku Edi Majid. Malah tepak kecaruk kancane iku rabine dikongkon ngalih nong panggonan liya makene iyane kateg ulihe gesah keloron.
Tanggal 28 Desember, Papang jak telon balik maning nang Depok. Engkisuke, iyane sambatan dhadhane kerasa ampeg. Aju ambi rabine digawa nang kamar sakit. Jare doktere keneng infeksi paru-paru. Ambi doktere dirujuk nong kamar sakit liya, naming Papang hing gelem polae wis kerasa aron.
Tanggal 30 Desember subuh kaya biyasahe iyane njaluk adus. Naming sikile kerasa adhem njaluk dienggoni kasut. Jam 6, dhadhane kerasa seseg maning, aju dipindhah ring kasur maning. Taping iyane saya hing bisa ambegan.
Papang, wong Lateng Banyuwangi kelairan 1958 iki, aju nemoni pesthine, ninggalaken anak loro. Anake hang nomer loro, wadon, wis nyulungi telung taun kepungkur. Papang dipetek pareg kuburane anake, sakuwise sembayang lohor ring pekuburan parek umahe. Muga-muga disepura dosane, diterima amale, lan dijembaraken kubure.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto, Papang kelambi biru
Editor: Hani Z. Noor