Ketua DKB: Wong Banyuwangi Aja Milu Ruwed Soal Status Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 23 Desember 2024 09:39 WIB)
- Laporan



Ring tengahe udan hang tembluk kaya  sedawane dina Minggu 22 Desember sore, SKB meleciraken buku antologi puisi/gurit Serampai Kata Blambangan hang ditulis nganggo basa Indonesia, Using lan siji basa Jawa.
   Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri tepak ngewani sambutan ngengetaken wong Banyuwangi hing kathik milu ruwed masalah sebutan dialek lan subdialek nang basa Using.
   "Hing kathik ngomong statuse basa Using merga iku urusane linguis (ahli bahasa-red), makene kana ruwed dhewek wis. Embuh disebut Dialek, subdialek, lumuh. Hang penting, kene wis duwe cekelan. Pandhangan bisa etik, bisa emik. Kadhung emik iku hang duwe basa ngakoni iku basa ya wis."
    Jare Kang Hasan wong Banyuwangi ngarani iki basa, bukti yuridis formal ada Perda nomer 15 taun 2017 tentang Pewarisan Nilai-Nilai Adat dan Budaya. Nong kono iku njelentreh, miji-miji." Tugase DPRD minangka wakile rakyat Banyuwangi,  wis nulis perintah kanggo nguri-uri basa Using mulai teka nerbitaken buku, majalah, workshop, pelatihan lan seteruse. Kari kanca-kanca iki guyub nguwataken tindak lanjut hang lebih rinci, yaiku Perbup hang dadi pedoman teknis penyelenggaraan muatan lokal bahasa Using."
   Sakteruse Kang Hasan ngomong gok kene iki wis mongkog nang endi-endi kadhung ngomong ambi wong liya mesthi nganggo basa Using. Keputusan-keputusan kanggo ngelestarekaken kesenian Banyuwangi secara umum iku gandholane ring muatan lokal.
   "Kadhung nong liya dhaerah umpamane ngomongaken iki ngomongaken iku, kelendi implementasine, peran pemerintah, pasti cekelane iku. Kongkrite tepak ditakokaken kelendi pewarisan adat istiadat, budaya lan basa
ambi muatan lokal. Kadhung saiki wis melaku sakat bengen nong SD, hang durung kari SMP. Iki tanggungane kene kabeh nyokong makene gancang metu Peraturan Bupati."
    Kang Hasan utawa celukane Kang Son ngaku gok iyane bengen wis tau nggawe drafte. "Kari ngengetaken maning Pak Ratno (Kadis Pendidikan) makene nyusun tim hang resmi ana SKne Dinas Pendidikan."
   Kang Son njaluk sepura hing bisa milu nulis ring antologi iki taping  kadhung ana maning arep milu nulis.
   Antologi puisi/gurit Serampai Kata Bkambangan diterbitaken kanggo dina dadine Banyuwangi kaping 253.
  Masiya wektune cendhek, ana 58 wong hang milu nulis.
   Hang milu ngirim dudu wong Banyuwangi, naming ana pirangane sastrawan hang sore milu Jambore Sastra Asia Tenggara.
   Ngingsor iki daptar penulise teka inisial A sampek Z: Aguk Wahyu Nuryadi, Agus Takariyanto, Aida Aristia, Akmal Rahman Hanif, Alif Maulana, Altsurayya Asshofia Bintang Soemarsono, Andi Sep Kurniawan, Ansorik, Antariksawan Jusuf, Azkia Millah Rayana, Bambang Widiatmoko, Begawan Tjiptoroso, Bety Lutviyanti, Cahyo Utomo, Dian Pratama, Eko Budi Setianto, Erhan Juhara, Heni Kurniawati, Heri Iskandar, I Putu Indra Ramadinta, Ilham Triadi, Iskak Basuki, Ithonk Mulyadi, Iwan Aziez Siswanto S, Juprian Ahmad Andi, Kang Ujik, Kanti Rahayu, M. Hidayat Aji Ramawidi, M. Syahrul Shobirin, Merawati May, Moch. Nur Rofiq, Moh. Aqil, Moh. Syaiful, Mohammad Novi Yusuf, Mulyadi J. Amalik, Muttafaqur Rohmah, Naila Taqiyyah, Nani Asiany, Nesya Yasmin Amalia, Nuhbatul Fakhiroh Maulidia, Nur Holipah, Nur Khoirun Ilayya, Prastono Santoso, Rifqi Wardatul Umami, Roy Frans Sidabutar, Satria Pujangga, Sausan Al Ward, Siti Maesaroh, Siti Nikarandu Chairina, Triwulaning Purnami, Tsabita Uslah, Viefa, Wahyu Rizki Kurnaini, Xball Ariyasa, Yeti Chotimah, Yusup Khoiri, Zabidi Yakub, Zakiya Rusdah, Zickyn Chan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf