Kobongan ring Warung Sega Tempong Mbok Wah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 Juni 2025 06:29 WIB)
- Laporan
Kobongan ring Warung Sega Tempong "Mbok Wah"
Belai selamet, jare uwong, tepak ana kedadeyan kobongan dina Selasa isuk tanggal 10 Juni 2025 ring warung sega tempong "Mbok Wah", jl. Gembrung, kelurahan Glagah, Banyuwangi. Warung Sega Tempong Mbok Wah iki salah siji panggonan jujugan kuliner has Banyuwangi. Saben dina nyedhiyani pirang-pirangane macem panganan kayata sega tempong kelebu iwake wader goreng, iwak pogot, kerapu, enus cemeng lan liya-liyane.
Kedadeyan kobongan kira-kira jam 08.20 iki disebabaken teka ring selang regulator kompor gas hang bocor. Emane durung sampek genine mubal-mubal lan ngantem sak isine warunge kabeh.
Jare Plt. Kepala Dinas Pemadam Kebakaran dan Penyelamatan (Damkarmat) Banyuwangi, Yoppy Bayu Irawan, iyane nerima laporan kedadeyan teka warga aran Vicky Sujatmiko (35) dina iku jam 08.33 WIB.
"Tim Rescue aju gancang mangkat nyang panggon kedadeyan jam 08.37 WIB lan nggadug panggonan kedadeyan jam 08.45 WIB," ujare.
Teka ring impormasi hang dikelumpukaken, geni dikawiti tepak salah siji pegawe warung masak, mara-mara geni teka kompor nyamber nyang selang regulator lan sekala sakkal ndadi genine.
Pegawe liyane sempat nyacak mateni geni nganggo alat sak anane, taping merga gupuh lan kuwatir geni saya ndadi gedhi, pungkasane ngubungi petugas Damkarmat.
Dinas Damkarmat Banyuwangi ngerahaken telung unit pemadam, yaiku Syaxx, Fire Doo 04 lan Hino. Peroses mateni genine bisa dipungkasi jam 09.00 WIB.
Hing ana korban nyawa ring kedadeyan iki, taping ana loro pegawe hang ngalami syok. Sakmentara kerugian material diitung kira-kira sakjuta rupiah.
Yoppy nambahi gok seliyane ngelakokaken pemadaman, tim Damkarmat uga ngewani pitudhuh nyang warga bab pentinge mitigasi kebakaran.
"Pengetahuan bab iki penting makene masarakat weruh kelendi kudu ngatasi kelawan gancang lan bener kala ngadhepi kahanan darurat kobongan," pungkase.
Pihak Damkarmat njaluk masarakat supaya ajeg meriksa kahanan selang lan regulator kompor kanggone nyegah kedadeyan kobongan ring dina mburi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






