Kurma Tah Karomah Teka KH A. Ma'shum Syafii

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 01 Januari 2026 06:46 WIB)
- Laporan



Kurma Tah Karomah Teka KH.A.Ma'shum Syafii


Ruwahe Almaghfurulah KH.A.Ma'shum Syafii nalikane magih urip dikenal minangka kyai hang harismatik. Sak liyane dakwah, tau dadi dosen, tau dadi anggota DPRD Banyuwangi lan sak tumpuk posisi penting liyane ring Banyuwangi.
   "Akeh cerita hang nggadug ring Isun, utawa  cerita  langsung hang Sun terima. Yaiku, iyane ping kaping-kaping munggah haji sing kathik bandha dhewek. Hang kawitan jare ulih undangan teka Menteri Agama RI. Taun pira Isun lali," jare budayawan Abdullah Fauzi (Kang Ujik) ngenget-enget ceritane ruwahe.
   Ana maning cerita teka kanca hang nalika iku mabuk ombenan, merdhayoh ning umahe KH.A.Ma'shum Syafii ring dalan Cut Nya' Dien Tukangkayu. Kanca iku (sing disebut arane merga uwonge wis mati), cerita gedigi: "Ngapunten Kyai. Ndika terose nggadah karomah. Kula nedhi kurma hang buru dipethik dugi uwite, Kyai."
   Kala semono jare ruwahe almaghfurulah munyik-munyik. Rada suwi pamit melebu kamar. Sing sampek suwi, almaghfurllah metu maning teka kamare ambi nggawa baki isi kurma teka hang magih enom sampek hang mateng. Magih ana pulute.   
   Cerita Iki hang sing akeh diweruhi. Kadhung ceritane KH.A.Ma'shum Syafii sanja, kabeh uwong ngerti lan ngeweruhi. Hang disanjani rata-rata lare enom-noman antarane yaiku alm. H. Hasyim Asegaf, H.Abdullah Fauzi, KH.Ahmad Siddiq lan liya-liyane. Kadhung sanja ambi nggawa-nggawa utawa cangking-cangking. Masiya tah wis, mulih sanja sing tau digawani ambi hang disanjani.
  "Pak Kyai iku atine tulus, sabar lan eloman," abane Ustadz Sentot hang angger jiyaroh makam mesthi mimpin tahlilan. Bengen Ustadz Sentot iku sak partai ambi ruwahe almaghfurulah. Dadi iyane uga duwe akeh cerita masalah karomahe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor