Lalare Gemerudug ring SD Kepatihan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 Februari 2025 07:21 WIB)
- Laporan



Dina Sabtu (8/2) sore, SD Kepatihan mara-mara digerudug atusan lare. Ana hang nganggo kelambi adat, ana hang raine disaput wedhak putih.
   Cumpu jare Pak Andi Eko Pramono, ketua PKG kecamatan Banyuwangi, ring kono tepak digelar Lomba kreativitas Siswa (LKS).
   "LKS iki dianakaken saben taun, naming taun iki digelar rong dina. Sabtu ana 13 mata lomba, dene Senen (10/2) dianakaken lomba Siswa Prestasi Seni dan Olimpiade Smart Gasing," jare Pak Andi.
    Kabeh padha siyap-siyap merga pemenange arep makili nong iwuh tingkat  kabupaten lan kadhung menang munggah maning nong tingkat propinsi sampek nasional, jare Pak Andi.
   Ana mata lomba hang dipilokaken ring FLS2N (Festival dan Lomba Seni Siswa Nasional), FTBI (Festival Tunas Bahasa Ibu), lan OSN (Olimpiade Sains Nasional).
   Mata lombane yaiku:
1. Ngewer Basa Using
2. Ndongeng Basa Using
3. Pidhato Basa Using
4. NuliaCercen Basa Using
5. Aksara Using
6. Puisi Basa Using
7. Gambar Bercerita
8. Pantomim
9. Kriya Anyam
10. Menyanyi/Nembang
11. Olimpiade IPA
12. Olimpiade Matematika
13. Siswa Prestasi Akademik Putra
14. Siswa Prestasi Akademik Putri
15. Smart Gasing
   "Umpamane, hang Pantomim engko pemenange bisa milu ring FLS2N tingkat propinsi lan Pidhato Using milu ring  lomba tingkat propinsi FTBI makili lomba tingkat nasional," jare Pak Andi.
   Iwuh lomba rong dina iku dipiloni 580 lare teka 40 SD ring kecamatan kota hang milu15 mata lomba.
   Kanggo njaga mutu lombane, panitiya nekakaken juri-juri independen kayata Ali Kenthus kanggo lomba Ngewer, Slamet Penyet kanggo Ndongeng, Kang Ujik kanggo Puisi, Mbok Nani Asiany kanggo Pidhato Using, Nur Holipah kanggo Nulis Cerita Cendhek Using, lan liya-liyane.
   Hing maido lalare padha semangat miloni lombane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor