Lare Banyuwangi Melebu Liga Tembung Polandia
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 10 Juni 2026 06:38 WIB)
- Laporan
Lare Banyuwangi asal Kalipait kecamatan Tegaldlimo, Slamet Santoso (28 taun) hing nyeja bisa main tembung propesional ring Polandia, panggonane bintang tembung Indonesia Egy Maulana Fikri bengen tau main.
Kawitane Slamet teka ring Polandia
sak perlu golet pegaweyan dadi TKI. Ring sela-sela wektune ring kutha Pyrzyce, Pomerania Barat, iyane dhemen ndeleng wong-wong latihan tembung ring setadhiyon.
Aju mari klub semi propesional Pyrzyce mungkasi latihan, iyane milu latihan bareng ambi lare-lare kana. Cumpu ana pengurus tembung klub Pyrzyce hang ndeleng keahliyane nggoreng tembung.
“Kawitane Isun mung sukur ndeleng tembung ring dhaerah parek panggonanisun. Mari digu milu-milu main tembung ambi lalare kene ring setadhiyon. Mari digu, ana pengurus tembung hang njaluk nomerisun lan ngejak milu latihan bareng ambi klub. Jare kadhung pelatihe cocok, Isun bisa diejak nyang klub dadi pemain," jare Slamet nang detik.
Slamet hing gelem mbuwang kesempatan aju iyane milu latihan bareng ring Klub Pyrzyce suwine rong ulan sampek pelatihe dhemen lan iyane resmi diejak milu klube iku.
Buru bain iyane mari ngurus administrasi pindhahe merga setatuse dadi WNA ring kono.
"Isun magih anyar, buru bain disahaken ring PSSIne kene dina Minggu sore, dadi durung mangkat milu ring kompetisi resmi," jare Slamet. "Nawi minggu ngarep wis bisa Insyaalloh."
Klub tembung hang dipiloni Slamet, MLKS Sokół Pyrzyce, saiki main ring liga Klasa Okręgowa, Liga kelas 6 ring Polandia. Kira-kira padha ambi Liga IV ring Indonesia, mula adoh levele ambi Ekstraklasa (Liga Utama) panggonane Egy main. Magih ana limang kelas liga ring ndhuwure. Naming kadhung nasibe apik lan bisa ulih promosi saben taune, bisa munggah tingkate.
Tingkat paling dhuwur hang tau digape klub iki yaiku tau melebu liga IV tepak musim 2003/2004 - 2009/2010. Naming saiki mudhun maning Liga Okręgowa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.