Lare Wadon Loro Nggawe Mongkog Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 03 Mei 2025 07:40 WIB)
- Laporan

Seminggu iki wong Banyuwangi gedhe atine merga digawe mongkog ambi lare wadon loro hang nggawa aran Banyuwangi saya ngelamuk.
Hang siji, buru nubengi Firsta Yufi Amarta ulih gelar Putri Indonesia 2025, sedheng sedurunge ana Dewi Agustiningsih, lare Tukangkayu anake supir hang lulus minangka doktor paling enom ring Universitas Gajahmada Yogyakarta umur 26 taun
Marek acara final hang kelebu njawab pitakonan juri ring Grand Final ahire Firsta dinyatakaken minangka pemenang utama Puteri Indonesia 2025.
Sarjana Psikologi umur 24 taun iki kelawan teges njawab pitakonan juri bab tugase minangka agen perubahan ngadhepi masalah hang ana ring masarakat kayata korupsi lan pelecehan seksual.
Firsta njawab nganggo basa Inggris gok iyane nduwe komitmen kanggo nyedhiyani panggonan edukasi lan konseling kanggo mbantu ngatasi masalah sosiyal mau kelawan kolaborasi ambi pihak liyane kayata pemerintah.
Lare wadon Banyuwangi iku dianggep cocog ambi tema lomba taun iki yaiku "Be Right, Be Bright"
Dene sedurunge ana Dewi, hang wis dadi dhosen ring Institut Teknologi Bandung, diumumaken dadi doktor lulusan UGM paling enom. Dewi nduduhaken rasa sukure merga bisa ngatasi tepak marekaken studi doktorale.
Iyane anake wong hing duwe tapi tekade kanggo sekolah ngungkuli kabeh tantangan.
Dewi kawitane ulih beasiswa Bidikmisi taun 2016, aju lulus sarjana taun 2020. Ulih maning beasiswa kanggo nerusaken program pendidikan magister langsung nyang 'Doktor untuk Sarjana Unggul' (PMDSU) hang mula dirancang minangka jalur cepat lare hang lulus paling apik pendidikan S2 lan S3.
"Kawitane Isun hing nyana bisa melebu pendidikan sampek doktoral. Lulus S1 untung Isun diterima ring program PMDSU," jare Dewi.
Dadi anake wong hing duwe dudu alangan kanggo kuliyah, jare Dewi. Tepak kuliyah S1 iyane mung nerima picis 600.000 saben ulan. Iyane kudu pinter-pinter mbagi kanggo kebutuhan kos, mangan lan kuliyah. "Motipasinisun biyasah, Isun kepingin mbuktekaken gok latar ekonomi dudu alangan kanggo nggape impen."
Ring studi doktorale, Dewi neliti "sintesis dan pengembangan material katalis berbahan dasar anorganik, khususnya untuk mendukung reaksi organik seperti reaksi cross-coupling."
Tujuwan penelitiane kanggo ngasilaken material hang bisa dienggo sintesis pirangane senyawa penting kelawan metode hang efisien lan ramah lingkungan.
Bener-bener lare wadon hang nggawe mongkog wong Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.