Legenda Asal Usul Aran Dhusun Popongan (Jarane Raden Jaka Pekik)

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Oktober 2025 08:00 WIB)
- Opini



Legenda Asal Usul Aran Dhusun Popongan (Jarane Raden Jaka Pekik)

Ring Kabupaten Banyuwangi, ana Desa Benelanlor hang melebu ring Kecamatan Kabat. Desa Benelanlor iku nduweni telung dusun. Yaiku ana Dusun Krajan, Gumuksari, uga Popongan.

Dusun Popongan iku wilayahe adoh dhewek teka pusat desa. Lokasine ana ring wetan dhewek kealang sawah. Dhung arep nong Popongan, bisa liwat wetan teka pertelon arah Kutha Banyuwangi – Rogojampi ngulon nong Desa Laban Asem. Uga bisa liwat pertelon Desa Gombolirang arah ring Desa Macan Putih.

Aran Popongan isun weruh wis ketulis ana ring data desa jaman Kerajaan Macan Putih bengen. Tulisan hang wis tau ana ring belambangan.com hang judhul tulisane “Asal Usul Desa Benelanlor”, ring kana ana salah siji versi hang nyeritakaken sejarah Desa Benelanlor teka versi cerita Raden Jaka Pekik. Iyane salah siji keturunane Prabu Tawang Alun hang dipaserahi dhaerah hang saiki diarani Desa Benelanlor.

Raden Jaka Pekik hang wis gelem manggon uga ngerumat dhaerah iku, ya ana kalane lirih-lirih sak ubenge desa kanggo njaga uga nyawangi, nyambangi, lan niteni kahanan dhaerah sak ubenge Desa Benelanlor. Iyane saben lirih-lirih hing tau nunggang kereta jaran. Naming nunggang jaran biyasah. Anehe, saben lirih-lirih, jaran tunggangane Raden Jaka Pekik iku mesthi ngising ring siji pangonan iku thok. Hing tau ngalih. Ya uga hing tau kasep. Mesthi nong panggonan iku.

Pungkasane para masarakat hang wira-wiri ring dalanan iku, ngarani panggonan ngeponge jarane Raden Jaka Pekik iku nganggo aran “POPONGAN” kerana dhaerah iku panggonane ngising utawa ngeponge jarane Raden Jaka Pekik.

Dadi......

Sejarah aran Popongan dijuwut teka aran kepong. Using keponge kebo uga ya using keponge sapi. Naming aran popongan iku dijuwut teka aran keponge jaran.

Cerita rakyat iku wis padha ilang nong masarakat. Hususe wong Popongan lan Desa Benelanlor dhewek. Sun tulis cerita iki mung teka rong sumber wawancara hang meruhi lan ngengeti cerita kuna iki. Muga-muga bisa ana kritik uga saran. Saya ana hang lebih weruhan uga nggawa cerita hang lebih rinci lan jelasan maning.

Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor