Lembayung Sak Unting, Cerita Ring Antarane Lakon Urip
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Selasa, 02 September 2025 07:24 WIB)
- Opini
Kumpulan Cerita Cendhek Lembayung Sak Unting kumpulan antarane cerita nyata lan uga cerita fiksi hang sun anggit sakat Isun gabung nyang Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB). Kawite sedurunge ngadeg Paguyuban SKB, Isun milu nyang Grup Gesah Cara Using Banyuwangi Aselai (GCUBA) dan Grup Gendhing Basanan lan Wangsalan Banyuwangi. Ring Grup iku Isun mangkat ngewanekaken nulis hang ana ring pikiranisun arupa gurit lan cerita nganggo Basa Using.
Kawite hang paling akeh sun edumaken ring grup gendhing iku tulisan gurit-gurit Basa Using hang suntulis. Setemene isun duwe kesenengan nulis iku wis sakat sekolah SMA, taping jaman semunu tulisanisun rupa gurit-gurit (Puisi Remaja) nganggo Bahasa Indonesia. Gurit-gurit iku mau sun cathet dari rong (2) buku. Jaman buru megawe dadi Perangkat Desa, ana koran hang desa kudu langganan. Hang nggarai isun dhemen ring koran iku ana tulisan Kang Ujik hang Judhule ”Pejagan” hang metu angger seminggu sepisan. Tulisan iku nganggo basa Using. Tokoh hang magih sun iling yaiku ”Usik Bodhong”.
Teka gurit-gurit Basa Using hang sun “share” ring grup gendhing, salah sijine admin yaiku ruwahe Hasan Sentot Hansen japri Isun. Iyane ngelem Isun lan nguweni semangat kanggo terus nulis nganggo basa Using. Dhukungan teka ruwahe iki hang nggarai Isun saya semangat ulihe nulis nganggo Basa Using. Ring Grup iki isun kenal Ambi Kang Moh. Syaiful, Nur Holipah, Antariksawan Jusuf lan liya-liyane hang duwe wigati nyang Basa using lan aktip ring tulisan sastra using. Teka wong-wong iki kabeh, Isun gosokan bab penulisan Using hususe ring sastra tulis.
Seteruse Isun dijaluk milu nulis kanggo Majalah Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT), Koran Bisnis Banyuwangi lan hang pungkasan ring Belambangan.com. Anane medhiya iku mau ndadekaken isun wani lan patheng nulis cerita cendhek nganggo Basa Using. Cerita chendhek iku mau sun kelumpukaken dadi siji ring buku “Lembayung Sak Unting” hang diterbitaken ambi Perpustakaan Daerah Kabupaten Banyuwangi.
Cerita-cerita ring buku Lembayung Sak Unting iki isine cerita jaman cilik, jaman sekolah lan lan cerita kanca memengan ring desa hang Isun dhewek salah sijine pelaku. Naming aranisun kadhang sun samaraken. Cerita-cerita iku mau isine ana cerita seneng, lucu lan uga ngenes kerana jare ucap ”Cerita iku pungkase sing mesti seneng, mergane gambare urip iku akeh kelire”.
Cerita Surat Cinta Amplop kapuranta lan Gerahana iku ceritane pamanisun magih sekolah SMA sampik pungkasane iyane ninggal kerana kecelakaan sedurunge arep lamaran. Ketel Isi Bubukan iki cerita uripe bibik magih perawan. Aju ana cerita Mangsi Abang lan uga Kesiluran, cerita iki cerita jamanisun magih sekolah ring Aliyah Banyuwangi tahun 1997. Kuwadhe, cerita awak dhewek ring tahun 2008. Sepur Pandanwangi cerita kecaruk maning dhemenan magih sekolah ring jeru Sepur Pandanwangi hang wis kepisah telung tahun.
Jaruman, Seruwal Cemeng Kelambi Cemeng lan Lintrik iki kisahe sun juwut teka lakon urip kanca memengan ring desa. Ana cerita Pelasan Uling Lan Maratuwa, cerita iki inspirasi teka Alm. Samsul Hadi Minak Jinggo, anggota Paguyuban SKB hang seru dhemen lan kajune nyang aran pelasan uling.
Cerita lucu Bingkak, isine cerita jaman lancinge anang lan sak kancaane magih nyantri ring guru ngaji ring desa. Cerita iki nggambaraken kelendi methikale lan bingkake lare jaman semunu. Ana cerita hang durung pungkas ulihe Isun nulis yaiku Perawan Bades. Cerita hang sejatine arep sun wakaken nyang kanca SKB liyane yaiku Nur Holipah. Durung mari suntulis ceritane, pungkasane larene wis kesulungan umah-umah.
Muga Buku Kumpulan Cerita Lembayung Sak Unting iki bisa ndadekaken sugihe literasi Basa Using Banyuwangi. Sak usinge bisa dadi salah siji tinggalan kanggo usaha nguri-nguri lan njejegaken Basa Using Banyuwangi.
Pungkasan, Isun setemene magih duwe impen arep ngelumpukaken gurit-gurit Using tulisanisun hang magih keleleran ring Face Book, Buku Cathetan lan uga lembaran-lembaran oret-oretan ring suwekan kertas. Muga ring sela-selane megawe, Gusti Alloh nguweni kesehatan lan kekuwatan makene bisa kober arep mujudaken impen hang durung kelaksan iku mau. Amiin. Jaluk pendungone kanca kabeh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Antariksawan Jusuf