Lintrik lan Aran Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 26 Agustus 2025 07:43 WIB)
- Laporan



   Ring pelataran ngarepe biskop XXI Rasuna Epicentrum ana meja endhep hang isine ana udud, paku dur, endhog, banyu kembang, kartu, tugelan tangan lan sikil.
   Medeni? Kaya ring uba rampene wong hang ngelakoni ilmu cemeng? Mula iya naming iku mung properti kanggo pilem "Lintrik" hang gala premiere digelar tanggal 25 Agustus sore.
   Pileme dhewek semebar ring pirang-pirangane biskop maneka jaringan sak Indonesia, dikawiti tanggal 11 September.
   Nggawe pilem ring Indonesia saiki saya gampil, naming golet panggonan biskop dienggo nyuguhaken asil pileme nang penonton iku hang lebih sara.
   Saiki bain ana lebih 300 pilem hang ngantri tayang ring jaringan XXI, jaringan pilem hang paling akeh nduwe biskop, jare produsere pilem Lintrik Bu Asye Berti Syaulina.
   Apuwa Bu Asye milih lintrik Banyuwangi? "Teka kawitan arane bain nggarahi wong kepingin weruh. Lintrik," jare produser hang pensiunan pegawai tambang minyak iki.   
   Gara-gara liyane, kancane Bu Asye ana hang cerita wong tuweke keneng lintrik sampek nemoni pesthine.
   Bu Asye aju kepingin weruh lebih jeru lan nemokaken ana sineas Banyuwangi hang nggawe film cendhek limang menit hang judhuke "lintrik", yaiku Tsani Fani. Tsani iki sutradara hang nggarap pilem aseli Banyuwangi "Rindu Yang Bertepi" kapanane.
   Iyane aju kecaruk ambi kancane salah siji sutradara, Irham Acho Bahtiar. Teka kono, kadhung kepingin nggawa ring layar wera, kudune diwani cerita hang nggarai pileme saya apik. Hing mung cerita masalah lintrike.
   Wekas kang dikarepaken teka pilem iki, jare Bu Asye, ambekana Indonesia wis saya maju, cumpu ilmu gedigenan magih ana. "Mangkane kene tetep kudu ngati-ati," jare Bu Asye.
   Ana pisan hang dikritik ring pilem iki yaiku ana dhukun-dhukun hang mencala nganggo kelambi wong alim hang sak benere iyane mung dodolan ubat. Gelem nambani wong taping hang lebih penting kanggone iyane, ngerah picise kurbane.
   Hang lebih penting maning kelendi rasa welas nang keluwarga bisa dadi tedheng dienggo ngatasi gedigonan. "Kadhung wis ana welas ring keluwarga iku mesthi ana welas nang Pengeran." jare Bu Asye.
   Kadhung ndeleng teka kacamatane pemerintah daerah Banyuwangi, pilem iki hing patiya nyokong programe Pemda Banyuwangi stigma gok Banyuwangi iku kesuwur minangka "kota santet". Merga saiki Banyuwangi saiki "kota internet".
   Pileme saya nguwataken aran Banyuwangi minangka panggonan sintru kaya umahe dhukun lintrik ring ngingsor wit-witan gedhi lan dhuwur ring Alas Suko.
  Kanggo wong Banyuwangi, pileme iki rada nggawe gedhine ati merga basa Using dienggo ring pirangane adhegan. Hususe hang diucapaken pemeran hang teka Banyuwangi kaya Mak Temu Misti, kang Yon DD lan Kang Ramli. Nong endi wong-wong iki hing ana hang milu Gala Premiere bareng pemeran liyane?
   Naming iyatah ilmu cemeng nganggo Lintrik iku mung ana ring Banyuwangi?
  


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf