Lomba Matematika Nasional Nggawa Aran Lokal

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 September 2025 07:29 WIB)
- Laporan



Lomba Matematika Nasional Nggawa Aran Lokal

Tuan rumah Banyuwangi mborong juwara ring Olimpiade GASING Nasional (OGN) ke-3 taping hang keneng dititeni aran-aran lombane nganggo basa lokal utawa basa Using.
   Setemene lomba hang dianakaken tanggal 22-25 September iki kesuwure Olimpiade Matematika. Naming saiki sinau kelawan cara hang "Gampang, Asyik, dan Menyenangkan" (GASING), yaiku metode sinau matematika hang diperujukaken ring Prof. Yohanes Surya.
    Ring OGN 2025, para pelajar hing mung ditantang kanggo nguwasani numerasi, naming uga dilatih nganggo logika, kreativitas, kerja sama, lan sportivitas.
OGN 2025 dibungkus kelawan nuansa unik Banyuwangi.
   Hang perlu dielungi jempol panitiyane nggawe aran-aran singkatan basa Using kanggo limang pos lomba yaiku JENGGI (Jenggirat Ngitung), JELAS KONTRAK (Njelasaken Konkret Lan Abstrak), TUMAN (Ngitung Ambi Memengan), Lintas Budaya GASING Nusantara, lan ATUNG (Age-age Ngitung).
  Kepala Dinas Pendidikan Banyuwangi Suratno, ngomong gok OGN 2025 dipiloni 15 tim utawa 60 pelajar hang makili sangang kabupaten/kota sak Indonesia.  Kayata Kabupaten Bojonegoro, Batanghari, Humbang Hasundutan, Kediri, Bitung, Halmahera Tengah, Jayapura.
   Ring pidhatone, Bupati Ipuk Fiestiandani ngomong perlune para pelajar iki nggayuh seduluran teka pirangane dhaerah.    
   “Muga-muga acarane iki, ambekaneya dipungkasi naming lalarene tetep bisa njaga hubungan seduluran merga kene iki sak bangsa Indonesia."
   Wadhah lomba iki pungkase ngasilaken juwara-juwara kaya ring ngingsor iki:

Kategori Best Student (per tim):
Nandita Fadila Putri, I Kadek Radita Androsa Sumarjaya, Reza Fitra Laode, Diva Saskia Berlian Marsila, Tantan Feril Dealeta, Garet Maselino Adrianto, Deva Yogi Swara, Muhammad Ilham Syarifuddin, Roniarta Purba, Dilan Yosep Rumbarar, Tristan Mareswara Dandiansyah, Fatima Azzahra Assegaf, Dinar Attia Firnanda, lan Fattan Dian Attala.

Juwara 5 Besar Tim:
- Juwara 1: Kabupaten Banyuwangi 1
- Juwara 2: Kabupaten Banyuwangi 2
- Juwara 3: Kabupaten Humbang Hasundutan
- Juwara 4: Kabupaten Bojonegoro 1
- Juwara 5: Kabupaten Batanghari

Juwara Individu OGN 2025:
- Juwara 1: Tristan Mareswara Dandiansyah (Kabupaten Banyuwangi 1)
- Juwara 2: Roniarta Purba (Kabupaten Humbang Hasundutan)
- Juwara 3: Deva Yogi Swara (Kabupaten Banyuwangi 2)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor