Lomba Mewarnai Tingkat SD Se Kabupaten Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 04 Mei 2023 08:30 WIB)
- Laporan
Dina iki tanggal 4 Mei, Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nganakaken Lomba Mewarnai tingkat SD sak kabupaten Banyuwangi.
Lombane iki digelar ring saben-saben kecamatan lan asile dibiji ping pindho. Hang kepisan tingkat kecamatan lan ping pindho tingkat kabupaten.
Engko saben-saben kecamatan ana pemenange. Dadi ana 25 karya pemenang saben kecamatan iki mau diedu maning kanggo tingkat sak kabupaten.
Dadi lalare nggambar ping pindho? "Using. Lalare nggambar sepisan bareng-bareng saben kecamatan ring panggonan hang wis ditamtoaken. Marek nggambar, aju dikelumpukaken nang panitiya. Aju panitiyane hang ngirim kabeh karya sak kecamatan iku nang dewan juri," jare Kang Taufik Saleh, salah siji jurine. Kang Taufik iki hang akeh nggawe samak buku hang diterbitaken SKB. Juri liyane yaiku tukang nggambar (ilustrator) buku Omprok lan Sampur, Wega Averina lan Moh. Syaipul guru Seni Rupa ring SMPN 1 Banyuwangi.
Karya hang menang tingkat kecamatan iki engko dibiji maning ambi juri telu iku lan ditambah ketua Dewan Juri yaiku pelukis S.Yadi K.
Hang dikeliri iku setemene sak lembar hang ana ring halaman pungkasan buku Omprok lan Sampur.
Buku cerita lalare SD iki dienggo nyugihi wacanan kanggo lare SD hang sinau basa Using. Makene didhemeni lalare SD, ceritane ana gambare lan digawe cemeng putih makene bisa dikeliri dhewek ring lalare hang maca.
Ngeliri gambar iku jenis keterampilan dhewek. Durung karuwan lare SMP ngeliri lebih apik timbang lare SD, jare Kang Taufiq.
Dene bukune, jare Kang Hasan Basri, Ketua Dewan Kesenian Blambangan, "Isun percaya buku iki didhemeni lare-lare. Polahe lare-lare sambi ngelir gambar, bisa nemu cerita hang apik. Cerita lare wadon hang kepingin seru milu njuged ring Gandrung Sewu."
Ring Ater-Ater bukune, Kang Hasan uga nulis: "Hing iku bain, buku iki magih kober ngguthit sithik sejarahe gandrung sakat jaman Welanda. Dadi, jare wong bengen, buku iki nyepak nyandhung. Numbak cucukan."
Mula seliyane dikarepaken dadi wacanan hang nyugihi donya literasi lare SD hang sinau mulok basa Using, bukune ngemu sejarah gandrung hang wis dadi agul-agule Banyuwangi. Lalare uga ngerti siji-siji aran penganggo gandrung hang dipotrek ring Sanggar Sayu Wiwit Aliyan pimpinane Kang Jajulaidi, taping uga ngerti kelendi ombak umbul uripe kesenian gandrung teka jaman Landa seperene. Halaman hang nduduhaken penganggone gandrung iki siji-sijine halaman hang nganggo kelir.
Daptar akehe lare hang milu per kecamatan:
1. WONGSOREJO (50 lare)
2. KALIPURO (40)
3. LICIN (30)
4. KALIBARU (50)
5. TEGALDLIMO (50)
6. KABAT (40)
7. PURWOHARJO (40)
8. GLENMORE (50)
9. ROGOJAMPI (40)
10. BLIMBINGSARI (40)
11. GAMBIRAN (50)
12. CLURING (50)
13. MUNCAR (90)
14. TEGALSARI (40)
15. GIRI (30)
16. SRONO (60)
17. BANGOREJO (40)
18. SINGONJURUH (40)
19. PESANGGARAN (50)
20. GLAGAH (30)
21. SEMPU (50)
22. SONGGON (40)
23. SILIRAGUNG (40)
24. GENTENG (70)
25. BANYUWANGI (100)
JUMLAH: 1.210
Hadhiyah
A. Saben Kecamatan dipilih 1 karya Terbaik.
Saben pemenang tingkat Kecamatan ulih piyagam lan picis pembinaan @Rp. 100.000 kanggo 25 lare.
B. Teka 25 karya iki diedu maning sampek ketemu:
Terbaik 1, 2, 3
Harapan 1, 2, 3
Pemenang tingkat Kabupaten ulih piyagam, plakat lan picis pembinaan kelawan rincian:
Juara harapan
3= 200.000
2= 300.000
1= 400.000
Terbaik
3= 500.000
2= 600.000
1= 750.000
Pengumumane engko dilaksanakaken tanggal 25 Mei 2023 ring Gedung Juang tepak acara Literasi Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


