Lontar Yusup ring TIM Jakarta
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 10 Desember 2024 11:52 WIB)
- Laporan
Lonta Yusup ring TIM Jakarta
Lontar Yusup hang ditembangaken Mala kaya nyirep penonton ring ruang Graha Bhakti Budaya Taman Ismail Marzuki Jakarta.
Gentan-gentun tembang Lontar Yusup iku diiringi jugedan kontemporer, gandrung lan jaranan buta ring Festival Literasi Nasional teka Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa.
Pestipal iki digelar sakperlu nambah kaweruh pentinge literasi kanggo lalare enom.
Suwine petang dina ring Taman Ismail Marzuki (TIM) iwuh iki nduweni tema "Komunitas Literasi dan Sastra Berkarya
untuk Indonesia Emas”.
Kanggo pestipal iki, Kampoeng Batara nggawa Macaan Lontar Yusup kelawan tema "Maca Kahanan" diiringi 1 penembang (Nur Kumala S.), 1 panjak baola (Erico), 3 penari Gandrung (Siti Humairo, Hajeng, Rachma) 2 penari jaranan buta (Satrio lan M. Alul), 1 penari kontemporer (Nimas).
"Hang ulih biyaya teka panitiya mung 6. Taping kene ngejak kanca-kanca komunitas teka Jakarta pisan. Akeh wong Banyuwangi hang guyub ring Ikawangi."
Dadi Pendiri Kampoeng Batara, Widie Nurmahmudy, ngejak Nimas kanggo njuged kontemporer ambi Hajeng lan Rahma dudu njuged gandrung "taping nampilaken gerakan gandrung tepak Lontar Yusup diwaca."
Kampoeng Batara teka Papring Kalipuro diundang minangka salah siji komunitas literasi. Hang liyane ana TBM Gubug Pintar, TBM Ar Rasyid, Semesta Rumah Kita, Komunitas Dina Ne Man, Mahadaya.
Dene komunitas Sastra hang diundang yaiku Komunitas Rumah Sastra Evi Idawati, Komuniras Ruang Hening, Sanggar Anak Pandawa, Komunitas Kampoeng Jerami, Komunitas Sastra Papua Senja, Komunitas Sastra Arafura, Wayang Nganjor, Teater Satu, Samudra Art Production.
Setemene Pemerintah ngewani bantuwan nang 340 Komunitas Literasi taping hang ditampilaken kepilih 15 komunitas.
Jare Widie, Lontar Yusup minangka teradhisi lisan hang masih diuri-uri ring Banyuwangi. "Taping kudu lebih digawe kesuwur ring antarane lalare enom."
Tema Maca Kahanan iki minangka apresiasi ring donya literasi hang sing mung sewates maca buku naming uga maca kahanan, situasi lan liyane.
Hing maido tampilan Macaan Lontar Yusup dikolaborasi ambi pirangane aspek seni lan budaya hang ana ring Banyuwangi.
Lalare Kampoeng Batara nyiyapaken latihane mung 10 dina, taping katon tontonane bisa apik.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.