Luru Bayi lan Tumpeng Suwung

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 September 2025 07:49 WIB)
- Laporan



Adat Luru Bayi lan Tumpeng Suwung

Minangka masarakat ageraris, wong Using nduwe akeh adat teradhisi hang katone nganeh-anehi. Kaya teradhisi hang magih urip ring desa Dukuh Kopen, Glagah, kaya hang diceritakaken sesepuh desa Kang Usik.
   Bayi buru lair, boyoke digebleg iku makene bayi sing kagetan.
   "Dadi kadhung ana program pemerintah Pendidikan usia dini, iku sulungan wong Dukuh," jare Kang Usik.
   Ana maning adat ngeluru bayi. Wong hang ngeluru kudu wong hang atine apik.
   Merga kadhung ana lare tambeng, tanggung jawabe masa nang wong tuweke tapi nong wong hang ngeluru. "Luron-luronane sapa lare iki kari tambeng gedigi," gedigu uneke wong kadhung kecaruk lare tambeng.
    Teradhisine wong Dukuh ring bayine dikawiti nggawa upihe jambe nang rumah sakit dienggo ngewadhahi bayi hang buru lair.
   Sampek ring umah, bayine mau dideleh ring lemah parek lebuh. Aju ana wong hang nyapu ring bentur melibeng sak umah nganggo sapu korek. Sapu koreke iki hang ditengeri wong kadhang dicolong merga keneng dienggo nyarang udan. Wong nyarang nganggo sapu dudu sembarangan sapu, naming sapu hang marek dienggo luru bayi iku mau.
    Aju tepak parek bayine, iyane ngomong "Isun nemu emas sak kebo." Wong tuweke bayine aju nuku bayine. "Isun tuku emas sak kebo" gedigu uneke emake marek nampa bayine mau.
   Upih hang dienggo madhahi bayi iki ana hang nyimpen. Engko kadhung larene wis gedhi lan tepak kadheman, upihe keneng disuwek sithik dilebokaken banyu aju diombekaken larene, dienggo sarat.
    Marek lare cuplak puser, ana maning selametan "Tumpeng Suwung", selametan suwung merga hing ana tumpenge, tapi tetep didongani.
    Nyirune dudu diiseni sega tumpeng kaya biyasahe, naming diiseni lading, capil, kendhi aju hang duwe bayi undang-undang tanggane. Engko ya tanggane mau padha kumpul melibengi tumpeng suwung iku mau.
   Kadhung bayi wadon, selametan suwunge dianakaken rada isuk merga ngemu donga aja sampek lare wadon iki tangine kebedhugen. Kadhung bayi lanang bisa dianakaken rada bedhugan.
   Intine kabeh donga dienggo keselametan bayine sampek gedhe.
  
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ilustrasi Gambar AI

Editor: Hani Z. Noor