Mapag Tekane Romadon, Lalare TK Dahlia Lomba Basanan

Nur Holipah (dipublikasikan pada Kamis, 27 Februari 2025 07:33 WIB)
- Laporan



Wingek sak durunge njumbul lan buyek 'ubur-ubur ikan lele', TK Dahlia wis nyulungi budaya berpantun alias basanan jare wong Using. Sakat 2021, kanggo mapag tekane Romadon dianakaken Lomba Basanan anak & emak. Taun semana, lomba basanan kelawan pidhio direken dadi cara hang paling gampang lan murah merga korona hang hing ngulihi uwong serawungan.

Lomba Basanan taun iki rada bidha merga ditambahi ambi apalan surat. Kelompok A surat Al Falaq lan Kelompok B surat Al Kafirun. Liyane kanggo ngeramekaken tekane Romadon, sekolah ya nak weruh kelendi lalare ngajine ana ning umah. Mula dhung nyekolahaken anak, kudune hing mung pasrah bongkokan, tegese wong tuwek ning umah ya kudu milu nguruki anake. Umpamane nung sekolah diuruki macem-macem piwulangan, paceke lalare mesti nggawa mulih. Wong tuwek nung umah mesti rungu, kelendi anake gok mbaleni paran hang wis diwuruki Bu Guru nung sekolahan.

Lomba iki ya dadi latihane lalare (red: murid) gena juwari lan hing isin nung ngarep kamera. Yong pidhio, kabeh wali murid duwe HP hang bisa dienggo ngerekam. Taping jare Nur Hidayah, S.Pd., Kepala TK Dahlia masiya taun iki lebih antusias, taping ya magih ana walimurid hang sing milu ngeramekaken.

"Hang maune mung diweni wektu sakat tanggal 1 sampek 15 Februari, sekolah nambahi maning sampek tanggal 21 gena rada longgar, lan kadhung bisa aja ana hang sing ngirim. Temakaken ya ana hang sampek dina paling pungkas hing ngelumpukaken." jelentrehe kepala TK bangete dicaruki reporter belambangan.com, Selasa 25 Pebruari 2025 ring D'Cinnamons Caffe RS Yasmin.

Jare Nur Hidayah, dari tahun ke tahun, walimurid terlihat minim kosakata Bahasa Using. Entah karena memang tidak tahu, atau mungkin tidak biasa memakai Bahasa Using sebagai bahasa tutur di keseharian, sehingga terkesan kurang banyak pilihan kata. Tapi, panitia memaklumi juga sebab kebanyakan wali murid gen Z. Mama muda.

Total murid teka Kelompok A akehe 26 hang milu. Serehne hang Kelompok B, akehe mung 19 hang kirim teka total murid 35.

"Emane tah wis gelem diwuruki. Masiya ngerekame ping bolak-balik," abane Anna Fitrya umahe Giri, emake Arizki Davian teka kelas Kelompok A2.

"Ukas iku pas ucap basanane diganti Perliman, basanane langsung lancar.." jare Nurul Mei Isdiyah hang asli Kampunganyar, emake Ukas ya kelas Kelompok A1.

Serehne jare Dwi Ratna emake M. Akrom Faiz kelas A1 hang asli Kenjo taping manggon Penataban, ngerekam pidhione ya hing cukup sepisan. “Umahun yara ring pinggir dalan, kadhangane ana abane wong celuk-celuk, klakson sepidhah, wong jaja bakso, adhuh wis sampek ping kaping-kaping mbaleni pidhione” abane.

Nany Asiany MS hang ketiban sampur njuri, nyampekaken gok hang dibiji ana 4 yaiku Tahsin (apalan surate), Tajwid (ngaji kudune aja akas, apike kelawan tartil), kekompakan (kelendi antarane emak lan anak padha-padha, aja ana hang mendominasi, komunikasine kudu apik), lan penampilan (kelendi basanan iku nduweni wekas/pesan). Sampiran/sangsangan umpamane ngawur hing paran-paran, gadug ring isi, ya kudu ana maknane. Gedigu jelentrehe pangsiunan Pengawas TK iku.

Kepilih pemenang teka Kelompok A:

3. Azlan Khairuzan A2

2. Ahmad Naktafiu Nau’a Kulli Ni’ami A1

1. M. Akrom Faiz A1

 

Kelompok B

3. Sheza Afiy B2

2. Virendra Haris B1

1. Alesha B1

Sakliyane pengumuman lomba basanan, lalare dilegar memengan ning playground mesisan cek kesehatan, serehne emak-emake ulih penyuluhan Diabetes pada Anak teka dr.Dian hang dimoderatori penyiar Radio Belambangan FM, Mamik Yuniantri.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Werta

Editor: Antariksawan Jusuf