Mas Aji: Amening Nulis Novel Sejarah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 04 Desember 2025 07:15 WIB)
- Laporan
Mas Aji: Amening Nulis Novel Sejarah
Kanggone wong-wong hang megiyet ring donya sejarah, ana pitakonan, ulih tah nyebut novel sejarah? Merga sejarah aja dirageni kaya tulisan ring novel.
Mas Aji Ramawidi, doktor lan sejarawan Banyuwangi hang bukune lebih telung lusin, ngewani wekas para penulis kudu ati-ati tepak nulis novel sejarah, utawa sejarah hang dinovelaken.
"Merga satus taun mengarep, bukune bisa dipercaya dadi bukti sejarah," jare Mas Aji Ramawidi.
Ana anggepan kadhung nulis novel iku lebih gampil timbang nulis sejarah merga nulis novel iku perei tanggung jawab akademik. Naming nulis novel sejarah ya kadhung bisa hing sukur-sukur, mangkane perlu maca, maca, maca aju buru nulis.
Mas Aji ngomong minangka pembandhing mbeliyaki novel Agul-Agul Belambangan karyane Moh. Syaiful ring Iwuh Gedhe Sastera Using dina Ahad tanggal 30 Nopember ring pendhapa kantor Kecamatan Banyuwangi. Dene hang niteni novele sedurunge yaiku bankir Elvin Hendratha.
Literasi ring Indonesia iku kelebu barang hang mewah merga kekarepan kanggo maca hang kurang, paran maning kekarepan kanggo nulis.
"Mumpung hang nong kene iki kabeh kekarepan maca lan nulise dhuwur, ya nulis iku kudu hang bener."
Jare Mas Aji, kadhung bisa mula nulis iku hang jejeg ceritane merga kadhung wis dadi tulisan suwi-suwi dipercaya gok iku nyata ana.
Kadhung hing percaya delengen Babad Damarwulan. Setemene, iku padha bain karya karangan utawa novel jaman saiki.
Naming kadhung tepak gesah ring warung kopi lan ngomong gok Minakjingga iku tokoh apen-apen bisa dadi bengkerengan merga Minakjingga iku dianggep tokoh sejarah.
Hang nggarahi ruwed kadhung tulisan babad, merga kurange wacanan, dipaksa kawin ambi cerita janger.
"Delengen bain ana hang ngomong gok Minakjingga iku setemene Bhre Wirabumi," jare Mas Aji. "Ale Bhre iku gelar jabatan lan Wirabumi iku panggonan. Ning endi Wirabumi iku? Dudu ring Belambangan."
"Hing maido 100 taun mengarep Agul-Agul Belambangan iki ya bisa dianggep tulisan sejarah."
Ring kawitan gesahe, Mas Aji ngakoni gok iyane kalah teka Moh. Syaipul merga novel tulisane Agul-Agul Belambangan tau menang hadhiyah Rancage taun 2017, dene novel biografi sejarah tulisane Mas Aji yaiku Wilis, hing menang hadhiyah Rancage.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

