Masjid Agung Baiturrahman Dadi Jujugan Kelenceran Warga Jember
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 Desember 2025 07:10 WIB)
- Laporan
Masjid Baiturrahman Dadi Jujugan Kelenceran Warga Jember
Sakat setaun kepungkur, Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi saben dina minggune dadi jujugan masarakat Jember hang ngelencer ring destinasi-destinasi hang ana ring Kabupaten Banyuwangi.
Dina Minggu sore (7/12) nepaki dina dadine hang kaping 252, Masjid Agung Baiturrahman, ditekani rong rombongan.
Sak rombongan teka alumnus SMEA Jember tahun 1988. Hang sak rombongan teka TK Dharma Wanita Kalisat. Akehe sing kurang teka 50 lare TK, ambi saben uwong tuweke dhewek-dhewek. Durung hang anang-adone milu pisan. Rombongan iku nunggang sepur teka Jember, mudhun ring setasiyun Banyuwangi Baru ring Ketapang kana.
“Isun lan rombongan uwis duwe langganan kendharaan Lin, Kang. Jam tekane sepur, para supir Lin iku wis weruh. Taping ya mula Sun kontak sulung. Dadi, nalikane rombongan mudhun teka sepur, Lin hang arep nguwot rombongan nyang panggonan-panggonan ngelencer wis cemepak. Kawitane rombongan melaku ngalor sulung ning Watu Dhodhol aju nyang Bangsring Underwater. Sampek ngarepaken bedhug aju nyang kutha njujug ring masjid iki. Mari sembayang bedhug, anggota rombongan padha ngelempuh. Ngaso ring teras-teras masjid, ana hang gelethakan ring terase aula lan ana uga hang magih kilah-kilah ring panggonane sembayang. Lare cilik-cilik padha memengan ring latare masjid ambi belanja. Merga akeh uwong dodolan panganan kayadene enyen, cilot, es krim lan macem-macem liyane,” abane Kang Rizal, salah sijine wali TK hang nyempataken gesah ambi belambangan.com.
Anggota rombongan liyane akeh hang dhemen ngaso ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi kerana icis, kahanane adhem lan gampang goletane. “Fasilitase enak, Pak. Arep ngombe, banyu mineral wis cemepak ring kulkas, kepingin ngopi ya bisa njaluk ring hang njaga. Sun karepaken, kanca-kanca rombongan utawa pengunjung masjid agung iyane, sing mung manpaataken fasilitase thok. Ayo kelendi carane bisa neblukaken sedhekah ring kotak-kotak amal ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi. Sebab Isun yakin, banyu ledheng sing geratis, Pak. Iya ra?” abane Zaenab, salah sijine Guru TK Dharma Wanita Kalisat iku.
Kadhung wis dirasa cukup ulihe ngaso, rombongan arep nerusaken lakon ngelencer nyang Cacalan aju balik maning ning Stasiun Banyuwangi Baru-Ketapang.
Sedheng rombongan teka alumnus SMEA Jember tahun 1988 tekane nganggo bis dhewek. Tujuwane padha yaiku ngelencer ring destinasi-destinasi hang ana ring Kab.Banyuwangi.
Jare Bu Sri, salah sijine anggota rombongan, kadhung ngelencer ring Banyuwangi sing cukup mung sedina-rong dina. Kudu teka saben dina Minggu.
“Sak using-usinge ping sepuluh dina mingguan, buru bisa kelar. Polae paran? Banyuwangi iku alame apik. Kabeh keneng dienggo jujugan ngelencer. Sakat teka Bangsring Underwater ring Wongsorejo sampek nggadug ring Rajegwesi pesisir kidul, kabeh dikelola dadi destinasi Wisata. Durung hang menjero nyang desa lan perkebunan. Wadhuh….cekak-cukupe, Banyuwangi iki sugih, masarakate pinter ulihe ngelola. Iku kadhung ngomongaken masalah panggonan. Lha, durung adhate, teradhisine, keseniane… wadhuh…Isun sing bisa mikir wis….Banyuwangi iki suwargane donya,” abane uwong hang gedhi dhuwur iku.
Sedurunge ninggalaken Masjid Agung Baiturrahman, rombongan iku ngoberaken nyimak acara sema’an Al Qur’an bilghoib hang dienggo nengeri Harlah kaping 252 tahun 2025 iki.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.