Mbah Mas Saleh lan Wasiyate (bag 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 April 2026 07:09 WIB)
- Laporan
Ditulis ring Hasan Basri
Sedurunge ngedhuk jero paran wasiyate
Mbah Mas Saleh, apike weruh sulung sapa Mbah Mas Saleh iki. Kadhung ndeleng nong arane ana sebutan Mas iku keneng ditengeri gok Mbah Mas Saleh iku magih kerabate raja-raja ring Blambangan. Mbah Mas Saleh iku wong alim kang urip sak jaman ambi Bupati Pringgokusumo yaiku bupati Banyuwangi sakuwise Mas Alit. Jalur turun mendhuwure Mbah Mas Saleh iku putrane Mas Mangunsastro, Mas Mangunsastro putrane Anrang Kusuma, Anrang Kusuma putrane I Made Banjar kang mbangun pura Sakenan ring pulo Serangan Badung Denpasar. I Made Banjar putrane Bedhandhe Surya, Bedhandhe Surya putrane Rangga Setata teka Kelungkung Bali kang kesuwur dadi gegedhug Bali kang kekancaan ambi Wong Agung Wilis nalika ngusir wong Bugis ring pesisir Pakem.
Bapake Mbah Mas Saleh duwe dulur
kandhung yaiku Mas Astroguno, Mas Ayu Patah lan Mas Santri. Mas Astroguno kawin ambi RA Sukowati. RA Sukowati duwe dulur yaiku Mas Ayu Atikah lan Raden Tumenggung Suronegoro. Suronegoro duwe anak Pringgokusumo. Mas Astroguno ambi RA Sukowati duwe anak R.Turasrni kang duwe anak RA Sehani. Terus RA Sehani iki laki ambi
Mbah Mas Saleh. Dadi Mbah Mas Saleh iku basa paman nyang Pringgokusumo.
Mbah Mas Saleh kelebu wong hang kawit-kawitan nyebaraken agama Islam ring Banyuwangi. Tokoh-tokoh Iiyane kang keneng disebutaken arane misale: Datuk Ibrahim, Wali Sukan ring Temenggungan, Wali Daud ring Rogojampi, Wali Kadir. Tokoh-tokoh Islam jaman semono iku biyasahe diarani Islam Wali utawa Islam ngelakoni. Maksude Islam ngelakoni iku Islam tasawuf, Islam dilakoni sing mung cukup gadug sareat bain naming sampek hakekat, makripat. Mula sing getun kadhung wong jaman semono iku akeh-akehe nduweni karomah, linuwih kang diweni Gusti Pengeran.
Petilasane Mbah Mas Saleh sampek saiki magih ana yaiku masjid Mas Saleh ring Sukowidi Banyuwangi. Nalika Bupati Pringgokusumo mbecikaken rnasjid kabupaten (saiki masjid Baiturrahman) Mbah Mas Saleh dadi pendhampinge.
Ring pagere masjid iku diendohi giyok kang ditekakaken teka Cina. Ring ndhuwure pelawangane masjid iku ana tetenger tulisan Arab unine "Allah Muhammad."
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Basri
Editor: Hani Z. Noor