Mbah Mas Saleh lan Wasiyate (bag 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 April 2026 05:55 WIB)
- Laporan
Ditulis ring Hasan Basri
Petilasane Mbah Mas Saleh sampek saiki magih ana yaiku masjid Mas Saleh ring Sukowidi Banyuwangi. Nalika Bupati Pringgokusumo mbecikaken rnasjid kabupaten (saiki masjid Baiturrahman) Mbah Mas Saleh dadi pendhampinge.
Ring pagere masjid iku diendohi giyok kang ditekakaken teka Cina. Ring ndhuwure pelawangane masjid iku ana tetenger tulisan Arab unine "Allah Muhammad."
Tetenger iku kang nulis Mbah Mas Saleh, kang ngukir Mbah Mas Saelan. Mbah Mas Saelan magih kerabate Mbah Mas Saleh. Serta masjid mari direhab kang ngawiti dadi imam Mbah Mas Saleh. Dhasar wong alim jaman bengen, kabeh tinggalane iku nduweni daya kang linuwih.
Kaya jare ceritane soal tulisan Allah Muhammad iku. Bengen nalika ana wong kang nyacak ngelabur tulisan mau sing weruha wong iku temebluk kerana sing kuwat ngadhepi daya magis tulisane mau. Mbah Mas Saleh ninggal tahun 1918 pesareane ring Manggisan Lateng Banyuwangi. Pesarean iki kerep ditekani para peziarah teka njaba kutha lan dhaerah. Wong alim jaman bengen keimanane dudu mung ngewujud nong ucapan lan laku bain naming uga diwujudaken ring simbol-simbol kang arupa bangunan arsitektur, tetanduran lan liya-liyane. Contone ring umahe Mbah Mas Saleh iku ana kulah utawa kolam ring tengahe ana pulo segi papat ring tengahe pulo iku ana watu. Ring lambene kolam ana barong kang dadi dalane banyu. Sakliyane iku ana wit kenitu lan kemuning. Kabeh iku dudu mung sukur sukur ditata lan ditandur, naming nduweni arti kang jeru. Banyu ring kulah nggambaraken gok dadi uwong iku kudu duwe sipat kaya dene banyu. Gelem mili nyang endi bain lan nguweni penguripan nyang liyan. Maksude dadi uwong kudu gelem seserawungan nyang masarakat, ngabdi nyang masarakat, nguweni paran kang bisa diuwakaken kanggo apik rukun majune masarakat.
Pulo segi papat ana tengere watu ring tengah-tengahe kulah, maksude nalika ngabdi nyang masarakat iku menungsa digawani napsu papat yaiku amarah, aluamah, supiyah lan mutmainah. Uwong kudu pinter nyetir napsune kang digambaraken ambi watu ring tengah pulo. Sak ubenge kolam ana wit kemuning lan kenitu maksude nong endi bain nalika
paran bain kudu kelawan hening, iling nyang Gusti. Kenitu maksude kang tamtu. Keimanan kang kuwat lan kukuh nyawiji ring pikir, rasa lan laku. Iman sing mung nong lambe lan buku. Dene wasiyate Mbah Mas Saleh antarane ring ngingsor iki:
Sira ngajiya nyang ponorogo
Sanguwa cengkaruk sak kintal
Ngenal-ngenala nyang raganira
Kadhung durung kecaruk aja mental
Maksude wong urip kudu weruh paran tujuwan uripe, nyang endi mari urip iki. Dalan makene weruh nyang ragane sing ana liya kudu nyawiji nyang Gusti. Ngakeh-akehi dikir. Dikir iku cara Arab artine iling. Dadi intine iling nyang Gusti. Dudu lambene ngucap utawa nyebut Gusti naming atine turu sing milu nyebut.
Ning endi bain embuh turu embuh melek embuh lungguh embuh ngadeg kang disebut mung Gusti Allah. Kadhung iki dilakoni sapa bain mesthi weruh nyang ragane. Kadhung durung nyandhak lan weruh kelendi lan sapa raganrika aja mandang mari, aja mental. Kang tuhu kang temenanan. Kang tamtu, imane kukuh kaya watu.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.