Mbah Tejo Bisa Madeg Dadi Wakil Bupati Sorong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Agustus 2024 08:43 WIB)
- Laporan
Wong diaspora Banyuwangi ring Sorong wis nggathil emeh madeg dadi wakil bupati ring Sorong Propinsi Papua Barat Daya.
Pak Sutejo, M. Pd. utawa kerep diceluk kelawan aran Mbah Tejo, dijaluk ambi sangang partai supaya dadi wakile inkamben bupati Dr. Johny Kamuru, SH, M. Si.
Wis dadi anjrahe ring Papua wakil pemimpin dhaerah biyasahe wong tekan dipasangaken ambi pemimpin aseli kono. Merga akeh bagiyan masarakat Papua iku wong hang teka dhaerah liya. Ana hang kelompok transmigran hang mbabat alas lan mbangun sakat enome ring kono, akeh pisan anak putune hang lair ring Papua.
Kaya Mbah Tejo hang asal Wonosobo kecamatan Srono Banyuwangi iki sakat sekolah sampek lulus SMEA 17 Agustus ring Cluring noring Banyuwangi. Aju iyane melebu Universitas Nusa Cendana Kupang NTT.
Sak mareke lulus D3 ring Pembukuan (saiki sebutane Akuntasi) iyane hang neken perjanjian ikatan dinas, ditawani tetep nong Kupang, utawa nong Papua. Mbah Tejo milih Papua dadi guru pindhah merana merene ring SMP, SMA, lan sampek ngedegaken lan dadi kepala sekolah SMKN 1 Aimas taun 2004-2014. Iyane njuwut pendidikan S1ne ring Universitas Negeri Manado lan lulus taun 2011. Aju sakteruse iyane tau dadi pengawas SMK taun 2014 sampek pensiyun taun 2023.
Mbah Tejo dilirik partai-partai merga iyane dianggep bisa nekakaken suwara wong tekan. Merga iyane aktip ring PCNU Kabupaten Sorong dadi sekretaris sampek taun 2006, aju munggah dadi Rois Syuriah sakat 2006 seperene.
Uga tau dadi ketua MUI Kabupaten Sorong taun 2006-2011. Saiki magih dadi Ketua Dewan Pertimbangan MUI Sorong sakat 2011 seperene.
Ring antarane wong asal Banyuwangi ring Papua hang anggotane atusan ewu, Mbah Tejo aktip ring Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) dadi Ketua Badan Penasihat Ikawangi Sorong taun 2002 seperene. Ring ngingsore Ikawangi Sorong iki ana kelompok otonom Laros hang wis anjrah nggelar kesenian Banyuwangi.
Anake loro teka rabine Ibu Suryani hang keturunan Sulawesi hang ana ring Papua.
Jare uwong bisa-bisa pasangan Johny Kamuru-Sutejo iki kaya ngelawan kothak kosong merga disokong sangang partai yaiku 1. Golkar (6 kursi), PDIP (4), Nasdem (2), Demokrat (3), PAN (1), Hanura (1), Gelora (1), PKS (2), Perindo (1).
Kari PKB (3) lan Gerindra (1) hang durung ngajokaken calon. Naming ngajokaken calon kudu nduwe paling sithik 5 kursi. Kaya-kayane, merem bain Mbah Tejo wis bisa dadi.
Saya akeh anggota masarakat diaspora Banyuwangi hang dadi pemimpin ring dhaerah liya, wong Banyuwangi hususe milu mongkog lan girang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.