Melaku-Melaku Nyang Banyuwangi Kolo Semono
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Jumat, 07 Juni 2024 08:03 WIB)
- Laporan
Njujug nong stan acara Banjoewangi Kolo (mesthine Kala-red) Semono nong latare kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kabupaten Banyuwangi mula sing kerasa. Mulih-mulih kang aran wektu mara-mara wis soren. Toraneya rasane ati magih kepingin nutugaken keliling. Acara “Banjoewangi Kolo Semono” kang digelar pemerintah Kabupaten Banyuwangi sakat tanggal 1-7 Juni 2024 mula ngengetaken jaman semono. Jaman mbah buyut bengen, merga sing mung kerajinan thok kang dipameraken taping sak panganane pisan. Tari, musik, lan teater kang digelar uga kang tradhisional.
Penulis digawe penasaran ambi biskop mini kang nyuguhi cerita “Dolet” (mesthine Dulit-red), cerita penculik kang paling diwedeni masarakat Banyuwangi jaman semono. Taping kerana akeh persi ring cerita Dolet iku ahire mung isine bain kang nyeritakaken Dolet iku. Pilem kang digarap ambi wong Banyuwangi, lan dibintangi wong Banyuwangi pisan iki (kaya Yon DD lan Kuncoro) mula nggawe kaju. Sampek-sampek wis diputer bengi sakdurunge masiya durung wayahe, magih diputer maning masiya buru bain diputer lan ditonton. Ring pilem iku nurut taksirane penulis, diceritakaken uwong bisa ninggalaken rega awake mung kerana raja berana. Wong kang apik bisa tatag mateni uwong liya kang tujuwane kanggo tumbal pesugihan.
Melaku-melaku ngubengi stan, penulis mandheg nong stan kerajinan. Wis kaya adate, stan iki paling dhemen diparani emak-emak. Sing kerana ndileng kerajinane taping mulihe teka ndileng pameran ana kang dicangking digawa mulih. Kumpulan pengrajin mula kumpul dadi siji mameraken asil karyane. Mulai teka tas sampek supenir-supenir liyane. Ring stan iki disedhiyani pisan kanggo pengunjung sinau ngeliri barang kang dipameraken. Kadhung mula pinter ngelukis utawa nggambar, asile ya apik temenan taping kadhung sing biyasah ngelir, asile malah sing karu-karuwan.
Ring pameran iki ana kang penulis parani pisan arane stan Omahseum kang alamate ana ring Jl. Widuri 21 Sukorojo Banjarsari Glagah. Kang duwe stan iki arane Pak Thomas Racharto. Stan iki jejer ambi stan Dinas Pertanian kang mameraken bahan-bahan jamu kaya temulawak, kencur, cabe puyang, jae sampek kelendi carane nandur lan ngerabuk aju panen, lan stan jejere kang mameraken macem-macem jamu. Stan Omahseum mameraken barang-barang kuna kang dienggo nggerus utawa nujah bahan jamu lan keramik jaman kuna. Sakliyane iku uga mameraken picis kertas jaman bengen.
Penulis mongkog kecaruk iyane. Pak Racharto bengen tau dadi ketua DPRD Kabupaten Banyuwangi. Iyane dadi anggota DPRD wis sakat taun 1971 sampek taun 1987. Mula iyane dudu sarjana arkeologi taping penulis buku “Balambangan Kuno” iki wis neliti barang-barang kuna utawa artefak lan sejarah Belambangan sakat taun 1971, kadine kadhung nyeritakaken Belambangan mulai abad XIII-XIV mari-mari lancar.
Gesah penulis ambi Pak Racharto kang wis ngumpulaken sumber-sumber data kaya naskah Pararaton, Nagara Kertagama, prasasti kang teka watu utawa logam, uga artefak teka terrakota jaman Majapahit, lan cerita-cerita rakyat kang ana bisa ngelengkapi sejarah Balambangan kang identik ambi Banyuwangi. Pitakonane, apa Minakjinggo iku Wirabhumi? Iki kang nggarai penulis tambah kepingin weruh lebih jeru. Taping kerana penulis gesahe ana ring pameran kadine tulisan iki mung nulis isine pameran.
Sing ketinggalan pisan, penulis mara nong stan liyane. Ring stan bathik ana buku kang isine nampilaken motip bathik pestipal kang suwene sak dekade, yaiku sakat taun 2014 nampilaken aran motip gajah uling sampek taun 2023 kang nampilaken aran motip sembruk cacing. Lan sakdurunge mulih, ndileng stan komunitas akik kang dikerubung ambi lare nom-noman.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.