Memengan Sandhiwara: Tambah Taun Saya Mudhun

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 03 November 2025 07:10 WIB)
- Laporan



Cathetan Juri ring Lomba Memengan Sandhiwara Using 2025

Peserta Lomba Festival Literasi Using cabang “Memengan Sandhiwara” taun iki pesertane mudhun. Taun 2024 akehe 21 saiki mung ana 12 akehe peserta hang makili Sekolah Dasar (SD) hang ana ring kecamatan-kecamatan wilayah Kabupaten Banyuwangi.

Masiya lomba iki wis ping kaping-kaping dianakaken magih akeh peserta hang sing mikir nyang bab anane setting panggung. Alihe Lomba Memengan Sandhiwara iki saktemene sing adoh teka teater utawa derama, mula iku mbangun suwasana teka panggung iku seru pentinge makene penonton bisa kegawa nyang alur ceritane.

Magih akeh uga hang nganggo properti utawa setting panggung hang sing efektif, mung kanggo ngebeki panggung belaka naming sing bisa nggawa cerita. Umpama ceritane iki cerita lare memengan layangan nong latar mesthine cukup bain umah lan pelataran kaya dene pageran lan sak piturute hang bisa nggambaraken lare-lare memengan ana ring latar. Setting panggung hang kreatip mesthine sing bakal ngalangi penonton nyawang lalare hang main ana ring panggung. Aja sampek penontone ulap merga settinge nganggo banner.

Nggawa cerita sedina-dina mesthine sing mung dicandak aju dilebokakaken nong sandiwara kudune ya diolah makne dadi pertunjukan panggung. Umpamane wong adu pitik kelendi carane cerita iku dadi apik sing mung wantah dadi mung aduan pitik kaya hang ana ring nyatane urip hang sakbenere. Iki rekadayane panggung dudu kedadiyan urip hang sakbenere, gedigu ujare Kang Iwan Rohmatudin hang dadi salah sijine juri wakil teka praktisi teater using Banyuwangi.

Dayu Prisma salah sijine juri hang teka akademisi teater iki nyatakaken magih akeh ring babakan penyutradaraan hang kurang trep. Akeh peserta hang durung paham ana ring blocking panggung. Panggung digenengaken kothong melompong sakwetara pemain manggon ana ring bucu.

Manggon ring aula SDN Model Banyuwangi  kanggo lomba iki mesthine ya kurang tepak, merga lomba sandhiwara hang wujud derama iki kudune manggon nong panggonan hang trep nyang urusan suwara, mula iku sing ulih keganggu suwara-suwara liya kaya dene suwara penonton merga aulane sing kedap suara.

Dayu Prisma juri hang lulusan ISI Teater iki nyatakaken kaju nyang peserta lare cilik-cilik hang wis pinter main derama. Paran maning deramane iki nganggo Basa Using. Iki sing gampang, akeh peserta hang multi talenta merga bisa akting, bisa njuget lan bisa nembang hang apik, gedigu Dayu nyatakaken ring meja juri sakdurunge ngumumaken pemenang.

Iwan Rohmatuddin hang kedhapuk dadi Juri 2 nyatakaken kadhung peserta taun iki kuwalitase mudhun timbang hang taun kepungkur. Endane merga kecamatan-kecamatan basis Using akeh hang sing milu iku. Kecamatan Kabat hang langganan juwara taun iki sing milu, Kecamatan Rogojampi basis Using uga sing milu, Kecamatan Blimbingsari lan Kecamatan Giri uga sing milu. Mesthine iki ya dadi galure mudhun kuwalitas pagelarane.

Dwi Yanto Asisten Bupati Banyuwangi kaju nang peserta hang wis gelem nguri-uri Basa Using liwat kegiyatan “Festival Literasi Using” iki. Modhel Memengan Sandhiwara iki seru kenthel literasine merga jangkep kabeh ana, kayadene visualverbalmotoric lan liya-liyane ana kabeh. Pokoke belajar paran bain diutamakaken parkteke kaya dene hang wis dilakoni dina iki.

Sakteruse Koordinator juri njelasaken dhung magih ana cerita/naskah hang durung pas. Penulisan naskah hang bener mesthine nganggo dasar naskah derama panggung, hang bisa nguweni keterangan babakan panggung, pengadeganan, uga setting panggung. Ring taun iki naskah sandhiwara penulisan basane wis ana kemajuan. Ejaan Basa Using hang bener wis dipraktekaken temenan wis gelem mbukak Kamus Using-Indonesia gawenane pak Hasan Ali. Kudune guru lan Pembina hang dadi penulis naskah ya kudu ngarteni lan netepi bab penulisan basa Using hang bener.

Mula iku, kegiyatan kaya gedigi iki bisa diterusaken ring taun ngarep kelawan persiyapan hang mateng lan mugen. Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi lan Dewan Kesenian Blambangan (DKB) kudu duwe niyat ngelaksanakaken taun ngarep makene bisa apik maning. Taun maning kepingin ngawiti kegiyatan iki ganggo Bimtek nyang guru-gurune makene kabeh ulih pemahaman sulung nyang babakan Sandhiwara Using, gediku juri-juri Memengan Sandhiwara Using duwe karep.

Dene hang dadi juwara lan ulih penghargaan ring Memengan Sandhiwara iki yaiku kecamatan Glagah juwara 1 lan penghargaan Penata Artistik Terbaik, Pemeran Utama Wanita Terbaik lan Pemeran Utama Pria Terbaik, Kecamatan Sempu ulih juwara 2 ambi penghargaan Sutradara Terbaik, Kecamatan Banyuwangi ulih juwara 3, Kecamatan Tegaldlimo ulih Ilustrasi musik Terbaik. Juara Harapan 1 Kalipuro lan Juara Harapan 2 Kecamatan Srono

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Moh. Syaiful