Mengeti Perjuwangan Pahlawan Wajib Hukume

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 22 Agustus 2025 06:54 WIB)
- Laporan



Mengeti Perjuwangan Pahlawan Wajib Hukume

    Sukuran kanggo ngenget-enget perjuwangane para pahlawan lan kanggo mengeti Proklamasi Kemerdekaan minangka asile pengorbanane para sepuh iku wajib hukume.
   "Merga para sepuh lan para pejuwang nalikane ngorbanaken wektu, tenaga, bandha lan nyawa, sing kathik takon mbesuk kaitung dadi pahlawan tah using. Hang penting bisa milu jihad kanggo keselametane anak putu ring dina mburine," jare Plt. Lurah Pengantigan Banyuwangi Pak Hayyi.
   Tepak tanggal 17 Agustus sore para tokoh masarakat lan pemuka agama, pengurus PKK lan Pemuda sak Pengantigan Banyuwangi nekani bale Kantor Lurah Pengantigan ring dalan MH.Thamrin.
   Perlune bareng-bareng jamaah sembayang magerib disambung tahlilan hang ganjarane dihususaken kanggo para pahlawan bangsa, para sepuh lan para petinggi, kades, lurah hang tau mimpin Pengantigan sakat jaman Bupati Pringgokusumo sampek seperene.
   "Tanah Nusantara Iki uwis akeh diceceri getih, keringet lan iluh. Tanah Nusantara Iki nyimpen jerit tangise para emak lan lare-lare cilik hang ditinggal apake mati perang ngelawan Welanda. Mulane, kanggo kanca-kanca enom-noman, ayo hang semangat ulihe nggawe laku apik ring lingkungane dhewek-dhewek. Supaya Isun lan Rika sing dianggep nyulayani para Pahlawan hang uwis mati-matiyan bela bangsa lan negara Indonesia," jare tokoh NU Pondhoknongko Kabat iku nalikane ngawiti selametan tumpengan.
   Tumpeng hang akehe lebih teka 17 (pitulas) iku ulih teka urunan saben-saben wilayah RT hang ana ring Kel.Pengantigan.
   Salah sijine sesepuh, Guru Hasan Basri nyampekaken kadhung Pengantigan Iki duwe tokoh hang sing bisa dilalekaken. Yaiku Ki Suro Wencono. Tokoh iku dadi Penganjur ring jamane Bupati Pringgokusumo. Papan uripe Ki Suro Wencono saiki dadi wilayah Lingkungan Penganjuran sak kulone Kelembon.   
   Kaistimewaane Ki Suro Wencono, iyane duwe godhong hang wujude ciyut naming dawa setengah dhepa. Barang iku dienggo ngerekam saben acara penting kaya dene rapat ngenengi masalah kemasarakatan lan kewilayahan.
    "Kadhung ana rapat, Ki Suro Wencono iku ngerungokaken uwong ngomong ambi merut godhong hang digawa. Kadhung laputan, godhong iku mau kari ndeleng ring mejane Bupati. Yaiku, kersane Gusti Allah, godhong kono mau bisa ngetokaken suwarane uwong rapat. Kadhung diukur akale uwong saiki ya mohal. Naming kadhung ukurane uwong kuna, ya anjerah hang gedigu iku. Kaya dene, HP, iku ya bisa nggumunaken uwong kuna. Gok bisa dienggo gesah masiya adoh-adohan. Paran maning sampek dienggo video call. Hang diejak gesah langsung katon gambare," ceritane Kang Ujik nyambung ceritane Guru Hasan Basri.
   Tokoh liyane hang ana ring wilayah Pengantigan yaiku Mbah Buyut Syargi Utawa Kyai Jen. Nalikane kawit-kawitane mbabat alas Karangtigan, iyane uga dianggep guru ambi Mas Pringgokusumo, Mas Saleh lan Mas Sailan. Ring jaman mburine, Mas Pringgokusumo dadi Bupati hang kaping 5 (lima), Mas Saleh dadi Imam Besar Masjid Jamek hang saiki dadi Masjid Agung Baiturrahman lan Mas Sailan milih dadi uwong pertapaan.   
   Makame Mbah Buyut Syargi ana ring dalan Kali Lo Kerantigan Kidul. Sampek seperene, ring wilayah Kerantigan Kidul, sing ulih nggantung gong. Padha ambi ring wilayah Lateng lan Penataban.
   Tokoh liyane yaiku Mas Mustopo. Tokoh hang ngelawan Landa hang ngewajibaken pajek ring pribumi. Arane didadekaken aran sasak ring kulone Brak melebu wilayah Pekarangan Desa Kelir Kec.Kalipuro. kerana Mas Mustopo dipateni ambi kongkonane Landa. Jare,  Mas Mustopo iku sekti. Mulane nalika dikerubut, endhase Mas Mustopo dipisahaken teka awake lan endhase digantung ring uwit elore Sasak kayu, awake ditaleni ring kidule sasak kayu iku. kadhung sing gedigu, awake bisa nggoleti endhase lan bisa diencepaken maning, bisa urip maning.
   Ring jaman taun 1947-1950, nalika Pasukan Landa nggonceng Sekutu, ring Pengantigan uga ngelairaken para pejuwang yaiku Man Ripai, Man Atim tank (kerana bengen tukang nyetir tank) Moh.Hisyam hang celukane Mad Kodim.
   Sak liyane duwe tokoh pejuwang, ring Pengantigan uga ana mata-matane Landa hang arane sing bisa disebut, kerana keturunane magih ana ring Pengantigan.
   Ring urusan kesenian, Pengantigan ngelairaken tokoh Sutedjo Hanapi, Isnaini, BS.Noerdian lan liya-liyane.
   Dene tokoh agama ngelairaken KH. Abu Amar, Guru Amari, Guru Salim, Guru H.Kahfi, KH.Ahmad Basuni, KH.M.Bisri bin KH.Abu Amar, KH.Muchlas Bisri, Hasan Saidin lan akeh maning sampek seperene.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor