Mengeti Petang Taun Ikawangi Tangsel, Kudu Saya Guyub

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 Juli 2024 07:55 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Tangerang Selatan mengeti petang taun ngadege tanggal 28 Juli sore.
   Ketua Ikawangi Tangsel Bu Titin Iriani ring sambutane ngarepaken ring taun kepapat iki Ikawangi korwil Tangsel saya guyub rukun lan bisa ngeraketaken kerjasama ring para anggotane.
  Ngadeg sakat 12 Juli 2020, Ikawangi korwil Tangerang Selatan taun iki nggawa tema "Kelangup Kembang Wangi sak kepel, Ayo Milu Guyub ring Ikawangi Korwil Tangsel". Dikarepaken para anggotane yaiku wong-wong Banyuwangi hang ana ring wilayah Serpong, Bintaro, Ciputat, Pamulang, Pondok Cabe lan sak ubengane, dadi saya raket lan guyub. Masiya ana bain alangan kaya dene paguyuban sosial liyane, akeh godhane ring antarane anggotane. Mangkane diengetaken maning ambi ketuane supaya saya rukun lan guyub.
   Iwuh hang dianakaken ring Pondok Dekar Puncak, Bogor iku ditekani Ketum Ikawangi Pusat Mayjen (Purn) Pak Rusdi Maksum, salah siji pendiri Ikawangi taun 1972 Pak Noer Hafandi, Sesepuh Ikawangi Pak Mulyono, Ketua Gowes Ikawangi Pak Sujiono, Ketua Korwil Jakarta Timur Pak Sugiman, Ketua Korwil Bekasi Bunda Kurnia, Ketua Korwil Jakarta Pusat Pak Agus Hendro, Ketua Korwil Depok Pak Ansori, Ketua Magenta hang wis dipilih taping durung dilantik Pak Prasetyadi.
   Pak Rusdi Maksum ring pidhatone kaya biyasahe akeh ngewere, ngewani wekas nang Bu Titin makene hing kapok dadi ketua lan terus dadi ketua lan hing ulih mundur.
  Para undangan dihibur ambi artis Meggy Diaz lan iringan gendhing-gendhing Banyuwangi teka organ tunggal Kang Hari Mutiara Timur Entertainment, naming hang dadi agul-agule ring acara iku yaiku grup Kuntulan Gondo Arum hang ngadeg sakat taun 2023. Biyasahe, kumpulane wong diaspora Banyuwangi nguri-uri kesenian gandrung taping Ikawangi Tangsel beda yaiku milih kuntulan hang digedhekaken.
   Ring genjot sore iku, ana 10 panjak kuntulan hang nggawa gendhing-gendhing Banyuwangi kayata Seni kuntulan, Janger, Grajagan lan Bismilah.




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor