Merujuke Ekonomi Banyuwangi Ngungguli Jatim lan Nasional

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 24 September 2025 06:17 WIB)
- Laporan



Merujuke Ekonomi Banyuwangi Ngungguli Jatim lan Nasional

Njenggirate pariwisata dipiloni Ekonomi Kreatif lan UMKM nggenjot munggah ekonomi ring Banyuwangi.
   Badan Pusat Statistik (BPS) Banyuwangi nyathet umbule ekonomi Bumi Belambangan merujuk 5,85 persen ring triwulan II taun 2025 (year on year/yoy).    
    Angka iki lebih dhuwur dibandhingaken ambi merujuke ekonomi Jawa Timur hang ana ring angka 5,23 persen lan uga nasional hang ana ring angka 5,12 persen.
   Data iki diungkapaken ring Kepala BPS Banyuwangi Hermanto ring selane High Level Meeting (HLM) Tim Pengendali Inflasi Daerah (TPID), TP2ED lan TP2DD ring Aula Rempeg Jogopati Pemkab Banyuwangi,  dina Selasa tanggal 16 September 2025.
   Merujuke ekonomi ring kabupaten bucu wetan iki disebabaken teka munggahe angka Produk Domestik Regional Bruto (PDRB) kelawan YOY ring triwulan hang padha. Gedhene Rp. 30.149,33 Triliyun.
   "Iki lebih dhuwur dibandhingaken PDRB Banyuwangi ring triwulan II taun 2024 hang angkane ring Rp  27,6 Triliyun. PDRB triwulan II taun 2025 uga lebih dhuwur dibandhingaken ambi triwulan I taun 2025 yaiku angkane ana ring Rp  27,4 Triliyun," gedigu jelase Pak Hermanto.
   Munggahe PDRB Banyuwangi ring triwulan II taun 2025 disebabaken saya dhuwure kegiyatan sektor sekunder. Utamane periwisata lan ekonomi kreatif. "Ana munggahe produksi UMK  ring antarane saya ramene kegiyatan pariwisata lan ekonomi kreatip, utamane tepak pereian dawa," jare Kepala Bank Indonesia (BI) Jember, Gunawan.
   Ring sektor pengeluaran, munggahe PDRB didhukung munggahe konsumsi ahir rumah tangga. Iki disurung pisan merga munggahe pendapatan sebagiyan masarakat, hususe hang ubed ring sektor sekunder. Data iki nduduhaken gok daya beli masarakat Banyuwangi magih kejaga. "Munggahe PDRB uga disokong saya munggahe angka ekspor, hususe produk olahan laut," jelase maning.
   BI bakal terus ndhukung percepatan ekonomi Banyuwangi.  Salah sijine nyurung percepatan APBD kelawan ngelaksanakaken pendhampingan, uga ndhukung digitalisasi transaksi ring Pemkab.
   "BI uga bakal mbantu hilirisasi investasi, pengendalian  bahan pokok ring kerangka TPID, nyurung UMKM sampek ningkataken industri manufaktur lan pariwisata," ujare.
    Sukses ngunggahaken jenggirate ekonomi hing nggarai Pemkab Banyuwangi ngerasa lega. Naming terus masthekaken merujuke ekonomi saya dhuwur. Merujuke ekonomi Banyuwangi sampek 5,85 persen minangka asil teka megiyete kabeh pihak. Pirangane langkah disiyapaken Pemkab Banyuwangi kanggone nyokong perekonomian dhaerah, kayata akselerasi belanja Pemerintah lan investasi. Aju peningkatan produktivitas lan sektor unggulan. Targete nggawe saya gedhine kesempatan kerja. "Kanggo njaga inflasi perlu dikuwataken maning strategi 4K, yaiku masthekaken kegayuhe rega, anane pasokan, lancare distribusi lan  komunikasi epektip," ujare Bupati Banyuwangi,  Ipuk Fiestiandani. (udi/hzn)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pawarta Jatim

Editor: Hani Z. Noor