Muludan lan Endhog-Endhogan ring Masjid Agung Baiturrahman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 September 2025 06:57 WIB)
- Laporan



Muludan lan Endhog-Endhogan ring Masjid Agung Baiturrahman

Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nganakaken Muludan Nabi Muhammad SAW 1447 H, dina Minggu (29/09) sakat jam 13.00 Wib sampek jam 17.00 Wib. manggon ring jerone Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi.
   Bupati Hj. Ipuk Fiestiandani nyampekaken kadhung muludan hang dianakaken ring Masjid Agung iku minangka kanggo njaga harmoni kabeh kalangan, Jam'iyyah lan antarane pemerintah lan rakyate.
   Acara dikawiti kelawan arak-arakan endhog-ndhogan nganggo sepidhah pancat, becak lan dhongkar. Sekabehane dipaes kelawan jodhang endhog-endhogan sakat teka latar parkir Masjid Agung Baiturrahman ngeliwati kampung Temenggungan, Lateng sampek melebu ning Kampung Kerantigan, nembus Singonegaran lan pungkasan mbalik maning ring latar parkir Masjid Agung Baiturrahman.
   Sawetara ring ruwang utama Masjid Agung diwacakaken dikir Maulid ambi Tim Ishari Kelurahan Panderejo pimpinane Gus H. Ahmad Musthaha.
    Sak marine sembahyang Ashar, acarane diangkati kelawan Serakalan Berjanji.
"Alhamdulillaah....berkah rohmate Alloh, uwong-wong akeh hang padha guyub lan gayab nekani pengajian mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW kelawan nggawa persoalan dhewek-dhewek, melebu ning mesjid kelawan niyat ngendhepaken ati ring ngarepe Gusti Alloh hang Maha Dhuwur teka sekabehane lan ngasoraken ati ring ngarepe Gusti Alloh Hang Maha Kuwasa lan Perkasa. Metu teka mesjid muga-muga sing nduweni niyat nyerintungi utawa milu cawe-cawe nyang hak lan wewenang Gusti Alloh Hang Maha Nata sekabehane," jare H.Abdullah Fauzi, Sekretaris Yayasan  Masjid Agung Baiturrahman nalikane nguweni sambutan makili Ketua Yayasane, H. Ach. Nurqomari. Pengajian muludan hang ditekani emeh limang ewu jamaah iku nekakaken penceramah Ustad Andi Hidayat Rogojampi lan Ustad Andi Wijayanto teka UIN Yogyakarta. Acara dipungkasi jam 17.00 wib kelawan edum-duman lan ana uga hang rebutan, utamane para emak emak. "Maklum...Emak-emak yara sing duwe endhog dhewek," abane jamaah lanang-lanang hang rumangsa uwis duwe endhog.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor