Muyek Agustusan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 25 Agustus 2025 08:34 WIB)
- Laporan



Muyek Agustusan

Saben Agustus, anjerahe rakyat Indonesia padha muyek ngerayakaken dina kemerdhekaan.
   Ana hang Jalan Sehat utawa karnapal nganggo kelambi maneka werna lan dandan maneka rupa. Kaya dina Minggu (24/8) hang dilakoni ambi warga Gang Mawar, warga Lingkungan Kali Lo 4 lan Lingkungan Kali Lo 5 Kel. Pengantigan Kab.Banyuwangi.
   Maneka werna ubede warga ulihe dandan. Ana hang dadi Anoman, dadi uwong tani jaman bengen hang magih belaka suta, dandan dadi warga Bali, ana uga golongane uwong hang pinter ngeronce tas keresek kelir abang lan putih, digawe penganggo ring barisan. Ana maning warga hang nggandheng-nggandheng kemarang pelastik dadi penganggo Recycled Carnival. Ana uga hang nganggo dandanan teka kertas pecake koran.
   Barisan-barisan iku uga ana hang dadi  gemuyune uwong liya sedawane dalan hang diliwati. Yaiku uwong tuwek-tuwek dadi barisan sunatan umum hang diarak barongan. Ana maning hang diarak kuntulan. Mari-mari muyek sedalan-dalan.
   Aja takon kendharaan hang liwat ring dalam MH.Thamrin. Nana kendharaan hang bisa melaku anter. Ring antarane uwong-uwong hang milu arak-arakan melaku bareng iku ana uga hang dandan kaya Mak Lampir.
   Anjerah kadhung hang dandan dadi Mak Lampir iku kelebu wargane RT05/RW 4 Kerantigan Elor. Kerana wilayahe dhempet ambi kuburan Bendha. Seru pantese.
"Kanggo nambahi semangate warga, barisan-barisan iku ana hang mbiji dadi barisan hang paling carem, barisan paling nyulayani adat, barisan paling muyek, barisan paling kreatip lan barisan hang paling atraktip. Ring saben-saben barisan iku ana uga hang diweni hadiyah kanggo uwong hang gelem dandan beda.
   "Hadiyahe arupa tropi lan barang-barang doorprize. Sak liyane diedumaken kanggo hang ulih biji apik, barang-barang kebutuhan urip iku dilotre.
   Ulih teka Endi barang-barang iku? "Ulihe urunan teka pengurus RT lan warga hang enthengan lan loman. Ya gedigu iku wis warga Pengantigan iku guyub lan gayab kadhung kanggo kegiyatan masarakat. Embuh iku kanggo dina  penting nasional utawane dina-dina penting agama," jare Lukman Hakim, salah sijine Ketua RW hang ana ring Pengantigan.
   Dikarepaken, taun-taun ngarep kudu ana mupakatan hang teges. Kelurahan nganakaken karnapal Agustusan dhewek ring tingkat wilayah kelurahan. "Isun mupakat hang gedigu iku. Makene katon saya guyub. Paran maning barisane ditamtokaken temane. Urutan barisan bisa nggambaraken urutan sejarah. Kadhung iku dilakokaken, karnapal bisa keneng dienggo bahan inpormasi lan edukasi sejarah kanggone lare enom-noman saiki iki. Makene ngerti sejarah pengorbanane para buyut kanggo ngibaraken pendhera. Ngerti ning sejarah Proklamasi lan sak sing-singe lare enom-noman bisa weruh kadhung ring jaman bengen ana uga golongane uwong hang arep ngerosak negara, adu-adu, misah-misah lan gawe bangsa pecah. Muga-muga niyat teka ngisor Iki bisa digaup ambi uwong ndhuwur-ndhuwuran, makene sing kaya lare keneng gendam, sampek sing ngerti sejarahe dipelengkot-pelengkotaken," jare Nafit Ashar Ketua RW 4 Lingkungan Kali Lo 5.  

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor