Nasib Basa Using Mengarepe

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 02 Mei 2025 08:33 WIB)
- Laporan



Kelendi nasibe basa Using mengarepe? Basa, kaya dene mahluk urip, bisa merujuk, uwah (evolusi), kompetisi ambi liyane; basa hang menang ring kompetisi iku pungsine munggah, hang kalah mudhun, malah bisa-bisa dikiplas ambi uwonge, jare Kang Hasan Basri, Ketua Dewan Kesenian Blambangan.
   Kang Hasan ngomong ring iwuh Workshop and Restoration Project of endangered Manuscripts hang digelar Masyarakat Pernaskahan Nusantara tanggal 24 April ring hotel Luminor Banyuwangi.
   Ring makalahe hang nduweni judhul: Identitas Budaya Banyuwangi dan Tantangan Pengembangannya, kang Hasan ngutip asal-usule basa Using teka disertasine ruwahe Pak Suparman Herusantosa gok basa Using asale padha ambi basa Jawa teka Jawa Kuno. Malah katon seru ciri-cirine ngugemi basa sedurunge yaiku proto austronesia. Katon sewang-sewangane kapan. Umpamane basa Using kaya basa Jawa Kuno, mung ana sak macem yaiku ngoko, hing kaya basa Jawa hang nduwe ngoko lan krama.
   "Struktur bahasa Osing hing nduwe tingkat tutur, cair, egaliter kaya basa gedhi hang ana ring donya lan basa pesisiran hang ngelairaken tata pergaulan hang setara, hing ana hirarkine," jare Kang Hasan.
Iyane uga ngutip Suhandano bab tengere basa hang merujuk apik yaiku ucap-ucape saya akeh, sistem tata bahasane dikodifikasi kelawan cara hang apik, penuture saya akeh, wilayah wong hang nganggo saya wera, lan dienggo ring emeh kabeh segi uripe penuture.
   Dene kalah menange basa ring kompetisi ambi basa liyane ditamtoaken ambi kuwate masarakat penuture lan kesadharan penuture mituhu nganggo basane.
   Basa Using seperene wis nyacak pirangane cara kanggo njaga uripe. Kayata
ana Muatan Lokal Basa Using sakat taun 1997 seperene. Peraturan Bupati No. 69 Taun 2003 bab Pemberlakuaan Muatan Lokal Wajib Bahasa Using pada Jenjang Pendidikan Dasar di Kabupaten Banyuwangi, ana Perda Kab. Banyuwangi No. 5 Tahun 2007 bab Pembelajaran Bahasa Using di Banyuwangi, uga Perda No. 14 Tahun 2017 tentang Pelestarian Warisan Budaya dan Adat Istiadat di Banyuwangi hang amanate supaya ngelestarekaken lan merujukaken basa lan sastera Using minangka identitas Kabupaten Banyuwangi (Pasal 30-35). Uga ana paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB), Belambangan.com. Kamus online, news, artikel, penerbitan buku, pelatihan. Hang pungkasan ana Revitalisasi Bahasa Using hang digelar Dinas Pendidikan Kab. Banyuwangi lan Balai Bahasa Jawa Timur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor