Naskah Kuna, Hing Kabeh Bisa Dienggo Umum
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 28 Agustus 2025 08:14 WIB)
- Laporan
Naskah Kuna, Hing Kabeh Bisa Dienggo Umum
Kelawan majune teknologi, saiki saya gampang "nyimpen" naskah kuna yaiku didadekaken naskah digital. Gunane paran? Makene saya gampang nyimpene lan saya akeh wong hang bisa maca. Pengetahuane saya gampang semebar.
Naming cumpu hing kabeh naskah bisa digarap kelawan tujuwan saya semebar iku, malah sakbalike dikekep dhewek merga ana alasane.
"Kadhung ana hang ngganjel sithik iku merga naskahe isine mantra-mantra. Hing apik kadhung diubar lan disebar. Hang duwe hing rida," jare Mbok Wiwin Indarti dosen Uniba hang wis nggawe digital lebih 100 naskah sakat 2019.
Hang mbandhani digitalisasi iku pirangane institusi teka njaba kayata Dreamsea, The British Library lan asile wis lebih teka 100 naskah, dudu mung teka Banyuwangi, naming ana pisan hang teka wilayah tangga kaya Bondowoso, Jember, Lumajang lan Situbondo.
Naskah-naskah hang wis didigitalisasi iku ditulis nganggo basa Arab, Arab pegon, Carakan lan Jawa. Merga kondhisine, naskah-naskah iku dipoto ring panggonane, hing digawa metu.
Ana pirangane macem naskah kadhung dipilah, jare Mbok Wiwin. Naskah pra-Islam (contone Lontar Sritanjung), babad lokal (kayata babad Tawangalun, babad Belambangan), aju ana naskah Islam hang ditulis kiyai-kiyai ring pesantren, lan ana naskah komunitas etnik (umpamane Serat Candra Jagat hang ditemokaken ring komunitas Medura ring Songgon).
Lontar ring Banyuwangi hang dimaksud arupa manuskrip kuna utawa cerita kayata Lontar Yusup, Lontar Juwarsah, Lontar Hadist Dagang, Lontar Tawangalun, Lontar Ahmad, Lontar Rengganis, Lontar Damarwulan).
Jare Mbok Wiwin hang uga kelebu salah siji alumni UGM Terbaik, naskah kuna ring Banyuwangi iki nduweni peran minangka pusaka warisan, sarana ritual lan minangka medhiya seni tradhisi macaan tembang.
Ring Banyuwangi dudu mung Mbok Wiwin hang nggawe digital naskah-naskah iku. Ana pisan Komunitas Pegon hang diketuani Kang Ayunk Notonegoro lan Balitbang Agama Semarang. Uga ana teka BRIN lan Universitas Indonesia ambekana mung siji loro naskah.
"Hing kurang teka 50 naskah hang wis didigitalisasi," jare Kang Ayunk.
Seperene tim Komunitas Pegon hing nemoni alangan ring prosese. "Malah kabeh sasate terbuka. Hang dadi PR-e mula kelendi ngerawati naskahe marek didigitalisasi."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






