Naufan, Jenius Sekak Teka Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 Mei 2025 05:07 WIB)
- Laporan
Banyuwangi nduwe lare jenius ring permainan sekak (catur). Muhammad Arshad Naufan Alfarizqy (7 taun) teka desa Setail, kecamatan Genteng, kabupaten Banyuwangi, dadi juwara pertama ring lomba catur tingkat Jawa Timur.
Naufan bisa ngalahaken saingane ring Kejuaraan Propinsi (Kejurprov) Catur Jawa Timur kaping 56 hang digelar ring Tulungagung tanggal 21-24 Mei 2025.
Umurane durung genep 7 taun, Naufan miloni tandhing ring kategori G kanggone lare umur 7 taun. Ring kategori iki iyane nduduhaken dhuweg lan kepinterane tandhing catur (sekak).
Anak teka pasangan Sofyan Hadi lan Siti Adriatil Malikah iki minangka murid ring TK Khadijah 65 Kembiritan, Genteng. Wong tuweke ngakoni mongkog nyang perestasi hang wis digayuh Naufan.
“Alhamdulillah, Isun seru mongkoge nyang perestasine Naufan,” ujare emake, Siti Afriatul Malikah dina Senin 26 Mei 2025.
Miturut Siti, anake iku mangkat ngatonaken minate nyang catur sakat umur 2 taun. Minangka wong tuweke, jakloron ndhukung kelawan milokaken Naufan nyang lomba-lomba catur tingkat lokal.
“Sampek pungkasane anakisun dadi salah siji hang makili Banyuwangi nyang Kejurprov iki,” sambunge.
Ketua Persatuan Catur Seluruh Indonesia (Percasi) Banyuwangi, Doan Ferdiansyah ngomong gok milune Naufan nggadug ring Kejurprov iki ngeliwati peroses hang dawa. Sakat penjaringan awal liwat pirangane kompetisi hang digelar Percasi tingkat kecamatan, aju Kejuaraan Kabupaten (Kejurkab).
“Saingga bisa kejaring Naufan lan pirangane atelit enom-noman hang duwe bakat liwat lomba hang dianakaken Percasi," ujare.
Percasi aju nguweni pelatihan nggenteng nyang Naufan lan kanca-kancane. Naufan dibimbing ambi pelatih propesional teka Percasi hang wis duwe sertipikat.
Tepak tandhing ring Kejurprov, jare Doan, bakate Naufan ring bidhang catur iki katon kewela-wela. Iyane main 6 babak lan bisa ngalahaken 5 lare sak pantarane.
“Hang nambahi sagah, sedurunge main nyang babak kaping 6, Naufan wis dipasthekaken juwara merga bijine wis hing keuber ambi musuh-musuhe,” tambahe maning.
Malahan tepak ana turnamen tingkat lokal, Naufan sering miloni kategori umur ring ndhuwure. Mulai 4,5,6 ring kategori SD. Alihe iyane magih sekolah TK, taping bisa ngimbangi lawane.
Teka perestasi hang wis digayuh, Naufan dijadwalaken arep makili Jawa Timur kanggo miloni Kejuaraan Nasional (Kejurnas) Cabang Olahraga Catur hang arep digelar ring Mamuju, Sulawesi Barat.
Naming jare Doan, panggonan dianakaken Kejurnas magih durung pasthi, bisa bain dipindhah ring kutha liya merga Jawa Timur uga ngusulaken Kejurnas iki dianakaken ring kabupaten Tulungagung.
“Kejurnas arep dianakaken kira-kira ulan Nopember-Desember 2025, kabeh biyaya Naufan ditanggung Percasi,” tegese Doan mungkasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







