Nengeri Dina Dadine Masjid Agung Baiturrahman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 Desember 2025 07:13 WIB)
- Laporan
Tumpengan Nengeri Dina Dadine Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi
Tanggal 7 Desember ditetepaken dadi punjer dina dadine Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, artine taun 2025 saiki Iki hang kaping 252.
Tokoh hang ngajokaken tanggal lan ulan iku (7/12) sasterawan nasional ruwahe H.AK. Armaya, SH, nalikane iyane dadi pengurus masjid taun 90-an. Penyair hang sak angkatan ambi ruwahe WS. Rendra iku ngajokaken nganggo dhasar bukti tertulis persetujuwane penguwasa Pesisir Elor Tanah Jawa ngangkat Mas Alit dadi Adipati Belambangan hang aju dadi Bupati Banyuwangi kawitan.
"Sampek seperene magih durung ana sejarawan hang mbantah. Dadi sampek seperene ya magih 7 Desember hang dianggep dina dadine Masjid Agung Baiturrahman. Sing nutup kesempatan kanggo dulur-dulur nawi duwe bantahan lan dhasare lebih kuwat, bisa nguwah tanggal lan ulan iku", abane Pembina Pengurus Yayasan Masjid Agung Baiturrahman, Iwan Azis Siswanto. Azis hang uga salah sijine murid ruwahe H.AK. Armaya magih ngukuhi.
Taun Iki kegiyatan kanggo ngeramekaken dina dadine sithik ana hang bida. Taun kepungkur ana jadwal tampilan grup-grup Hadrah Al Banjari saben malem Ahad. Naming taun Iki tampilane arep didadekaken siji ring malem Jemuwah, 25 Desember 2025 ring ruang utama Masjid Agung Baiturrahman, kanggo ngeramekaken acara rutin Pengajian Hajad lan malem Jemuwah iku nekakaken Penceramah Ustadz Muhlisin Dawam teka Solo.
Tanggal 13 Desember isuk arep ana jalan sehat hang start lan finishe ring Islamic Center Baiturrahman.
"Lha....tanggal 7 Desember sabene iku dianakaken sukuran kelawan Kauman 20 tumpeng. Jamaah hang milu lebih teka 150 uwong. Durung Pengurus Yayasan, Takmir lan pengurus pelaksana kegiatan hang ana ring Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi," jare Ketua Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, H.Ach.Nur Qomari.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.