Ngarep-arep Tulisan Bab Panggonan ring Banyuwangi

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 31 Mei 2025 06:17 WIB)
- Laporan



Pemerintah Kabupaten Banyuwangi liwat Dinas Perpustakaan dan Kearsipan mituhu nguwataken karep ring pelestarian budaya lokal kelawan literasi. Salah siji wujude yaiku nggelar "Bimbingan Teknis (Bimtek) Kepenulisan Konten Lokal" hang taun iki ngemu tema “Toponimi Wilayah di Kabupaten Banyuwangi“.
   Melebu ring tahap ketelu, Bimtek hang dianakaken dina Selasa tanggal 27 Mei 2025 ring Aula Dinas Perpustakaan dan Kearsipan iki dadi terusane teka loro tahapan hang wis dianakaken sedurunge. Ana akehe 100 peserta teka maneka siswa, mahasiswa, guru, pegiyat literasi sampek masarakat umum hang miloni kegiyatan iki kelawan semangat hang padha, njugeri lan nulisaken maning sejarah kawitane aran panggonan ring bumi Belambangan.
   Fokus utama bimtek tahap ketelu iki yaiku evaluasi lan revisi ahir teka naskah hang wis ditulis ring para peserta.         Kegiyatan iki dadi pucite proses pendampingan kepenulisan hang sedurunge wis diisi ambi materi, diskusi lan bimbingan langsung teka 3 narasumber ahli ring bidhang sejarah, budaya lan literasi lokal. 
   Drs. Suhalik, peneliti sejarah Banyuwangi njelentrehaken bab “Sejarah dan Dinamika Penamaan Tempat” hang mbahas bab "toponimi sebagai bagian dari mitos, legenda dan nilai-nilai lokal".
Hervina Nurulita, M.A., dhosen sejarah nyangoni kaweruh nyang peserta bab “Konsep dan Metode Kajian Toponimi” kelebu pisan "teknik pengumpulan data dan validasi sumber".
   Samsudin Adlawi, S.Pd., penulis lan praktisi media, ngewani arahan ring bab “Teknis Menulis dan Narasi Lokal” kelawan gaya penulisan hang menarik tanpa kelangan akurasi.
   Para peserta dijaluk nyempurnakaken naskahe nganggo penemu hang wis diwani iku mau. Penekanan hing mung ring akurasi data lan struktur penulisan, naming uga ring kekuwatan ukara hang bisa nggambaraken jerune budaya ring mburine aran panggonan mulai teka desa, dusun sampek kali lan gunung. Saben peserta wajib ngelumpukaken naskah revisi ahir lan formulir dokumentasi hang mbisuke arep didadekaken arsip literasi dhaerah lan bahan kurasi kanggo publikasi seteruse nyang wujud antologi cetak utawa konten digital.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf