Ngerandhu Buka Digelar ring Masjid Baiturrahman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 04 Maret 2026 07:04 WIB)
- Laporan



 Buka bareng ring masjid endi bain mula dudu barang anyar hang magih gemilap. Wis anjerahe, merga sapa bain hang gelem guyub lan gayab nguweni bukaan ning uwong hang puwasa, dadi uwong hang dikangeni suwarga, gedigu jare Ustad H. Ach.Nurhadi, ketua Lembaga Amil, Zakat, Infaq dan Shodaqoh (LAZIS) Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, nalikane nyampekaken tausiyah ring acara Ngerandhu Buka.
   Sak liyane diisi ambi ustad hang uga dhemen keliling ngisi acara Nada dan Da’wah iku, Ngerandhu Buka uga diisi tausiyah ambi Ustad H. Mushthofa Iqbal, S.Ag,  Ach. Uwais, SPd. Lan Ustadz Machrus Ali, LC.
     Panitia Ramadhan MAB teka Remaja Masjid (Remas) Agung Baiturrahman Banyuwangi nangani macem-macem kegiyatan ring Ngerandhu Buka iku. Yaiku megawe bareng ambi Persatuan Guru NU (Pergunu) nganakaken Tadarus Kid’s kanggo ngawiti lan megawe bareng ambi grup-grup Hadrah Al-Banjari kanggo ngisi selawatan sedurunge tausiyah.
   Tadarus Kid’s iku diisi ambi siswa-siswi Madratsah Ibtida’iyah (MI), Sekolah Dasar Islam (SDI, Tsanawiyah lan Aliyah. Saben-saben tim kudu dipiloni 10 lare hang gentan-gentun maca Qur’an sampek nggadug sak jus.
    “Sepurane kanggo perguruan-perguruan Al-qur’an hang tahun iki durung melebu ring jadwal, muga dawa umur taun ngarep bisa dijadwalaken. Kaya contone TPQ/TPA. Artine, rintisan hang uwis dilakokaken ana tanggapan apik,” jare Ketua Pergunu Wilayah I, Ustad Haikal Kafili, M.Pd., hang uga dadi Sekretaris Takmir Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi.
   Kelawan anane Tadarus Kid’s iku, Pengajian rutin Ngerandhu Buka saben mari sembahyang Asar sampek ngarepaken bukaan iku kaitung sak jangkah lebih maju. Inti programe Pergunu iku kanggo ngajak-ajak lare supaya dhemen atine melebu ring masjid endi bain, utamane Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi.
   “Sapa weruh mbisuke ditakdhir dadi uwong hang atine nggandheng terus ambi masjid lan ring padhang masar mbisuke dadi uwong ulih lindhungane Gusti Alloh,” jare putune alm.almaghfurulah KH. Syamsuri  iku.

(kang ujik)
 
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.