Ngerandhu Buka, Patrol Keliling Banyuwangi lan Saur Bareng Joyokaryo
MUTTAFAQUR ROHMAH (dipublikasikan pada Senin, 10 Maret 2025 07:49 WIB)
- Laporan
Puwasa ulih seminggu, magih semangat-semangate ngelakoni ibadah, magih jejeg-jejege ngadeg lan kuwat ngadhepi elom lan ngelak. Puwasa ulih seminggu iki dimanpaataken ambi Pak Elvin Hendrata lan Kang Nuno Sutedjo minangka pembina Sanggar Seni Joyokaryo kanggo “buka bersama” manajemen Joyokaryo sak kabehane, hang isine ya lalare hang ana nong njero Sanggar Seni uga bapak lan ibu wali murid lalare mauka..
Mula hing mewah kaya buka puwasa nong restoran megah, taping nong ati nggarai bungah. Acake kelendi hing bungah, ambi ngerandhu buka, ambi memenganan, santai and chil, relax digu warahe, derem-derem, ngerungokaken gendhing-gendhing Using hang diunekaken ambi seniyor-seniyor Joyokaryo, kaya Farhan, Fajar, Raka, ambi Pak Gamal hang tau dadi salah sijine punggawa POB (Patrol Orchestra Banyuwangi) kelompok musik moncer hang nong Banyuwangi, lan Kang Nuno Sutedjo. Temune gendhing-gendhing nggarai hing kerasa, mara-mara emeh buka.
Miturut Elvin, iwuh iki wis ajeg dilakoni saben Ramadan teka, kelebu saur bareng sakwise patrol keliling kutha Banyuwangi. Patrol iki dadi acara hang menarik, kerana sakliyane nggugah wong-wong saur uga nguri-uri budaya puwasaan hang wis emeh ilang nong Banyuwangi. Paran maning saiki Pemerintah Kabupaten Banyuwangi hing nganakaken lomba patrol kaya puwasaan taun kepungkur. Patrol keliling iki diangkati jam rolas bengi kumpul nong Studio 67 Sawahan; basecamp-e Sanggar Seni Joyo Karyo, lanjut nong dalan Thamrin, Opak, Sekardalu, Bre Wirabumi, Nias, Sudirman, Batur, balik maning nong dalan Bromo, temune mung mandheg sak pos nong Kampung Melayu, keterak udan rada anter.
Jam telu lalare mandheg saur nong Studio 67 ambi rada geblesan keneng udan nong dalan Inshaalloh hing ngurangi berkah lan semangate saur. Sakat ngerandhu buka, sak bukane, sampek saur, lalare Joyokaryo, seniyor tabuh patrol Banyuwangi keliling Banyuwangi nggugah wong saur, salah sijine amalan sunah nong puwasaan. Kegiyatan sakat nubengi ditutup adan Subuh, hang kerungu langsung teka langgar, lalare ngadeg budhal sembayang. Ana hang sembayang nong langgar, ana hang nong setudhiyo jamaah dhewek. Alhamdulillah …
Mbok Ute’: penikmat seni Banyuwangi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.