Upaya kanggo nggedhekaken basa Using ring jaringan internet utamane Wikipedia digelar kelawan aran Wikilatih inkubator kader relawan kontributor Wikipedia.
   Taun sore ana Wikikatha hang muputi 2000 ucap kanggo kamus ring Wiki, aju saiki Wikilatih iki diarepaken bisa ngelairaken Wikimedia Basa Using. Acarane digelar rong dina tanggal 8 lan 9 September bareng MGMP Basa Using SMP lan Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, dianakaken ring Lab IPA SMP Negeri 3 Rogojampi, Selasa lan Rebo, 8 lan 9 September 2026.
    Peserta Wikilatih akehe ana 70 wong, hang dibagi rong dina. Peserta ana hang guru, pegiyat literasi, lan komunitas jurnalis warga.
   Acarane dibukak ring Kepala SMPN 3 Rogojampi, Kukung Joko Kurniawan, S.Pd. Iyane ngarep-arep, sakliyane peserta bisa nulis nganggo basa dhaerah, uga apike paham nang adat, teradhisi, toponimi, legenda, lan sejarah Belambangan lan Banyuwangi.
    Wikilatih nekakaken mentor teka Madura, Alfian Rizzi Afdiquni, lan uga kontributor Basa Indonesia asal Sumbersari, Srono, Ulum Arifah.
   “Setemene wis dikawiti sakat 2018. Taun kepungkur uga wis ana proyek kamus 2.000 ucap Using. Saiki wis ana kira-kira 450 artikel bab Banyuwangi lan Basa Using. Naming merga sing ajeg saben minggu nulis, penulis hang aktip durung sampek lebih teka telu. Mulane, durung kawujud web Basa Using kaya Betawi, Bali, Madura, Jawa, Minang, lan 19 basa ibu liyane,” jare Ulum hang saiki manggon ning Surabaya.
   Alfian Rizzi Afquni sakuwise njelentrehaken Wikipedia, aju nuntun peserta nggawe akun. Peserta uga langsung nyacak nulis artikel kelawan cara hang wis diajaraken.
  Iyane uga ngewani pituduh gok tulisan kudu ngadohi promosi lan hoaks, kudu duwe dhasar data lan pakta, nganggo sumber lan reperensi hang bisa dipercaya, uga ngadohi nganggo Akal Imitasi (AI).
    “Kene yakin, kelawan semangate peserta inkubator iki, Basa Using gancang kewujud dadi web ring Wikimedia!” jare Alfi.
   Salah sijine peserta, Nani Asiany Ms, ngakoni atine kemesar tepak rungu ucap Using.
   “Isun sakkal jenggirat! Muga perjuwangane Hasan Ali lan para budayawan liyane terus dadi amal lan diterusaken ring generasi Alfa Z saiki!” jare penulis bahan ajar mulok Basa Using SD, uga anggota Dewan Kesenian Belambangan.
   “Muga web Using Wikipedia dadi kadho paling endah kanggo dina dadine Banyuwangi kaping 255, tanggal 18 Desember 2026, hang dadi momentum Perang Puputan Bayu!” jare Ketua MGMP Basa Using, Yeti Chotimah, M.Pd.

   Wikipedia Latih setemene wis tau dianakaken taun 2018 bareng Sengker Kuwung Belambangan, ngelatih 40 wong kanggo kontributore.

(Aguk Wahyu Nuryadi)