Ngubar Basa Using Diangkati

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 Juli 2025 06:29 WIB)
- Laporan



Ngubar Basa Using Diangkati

Guru-guru SD lan SMP Banyuwangi hang ulan Juni sore diwulang maestro, saiki wis diabraki Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) kongkon gancang ngubar (mengimbas) nyang murid-muride.
"Mayo diangkati aja sampek kalah ambi dhaerah liyane," jare pimpinan proyek Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD) Bu Oktavia Vidiyanti.
   Makene lalare enom lebih dhemen nang basa dhaerah, Badan Bahasa wis nemtoaken pitu mata ajar hang ditularaken teka maestro nyang guru master, ditularaken maning nang guru-guru liyane sampek nggadug nang murid-muride.
   Pitung mata ajar yaiku Maca lan Nulis, Ndongeng, Nulis Cerita Cendhek, Gurit, Pidhato, Nembang lan Ngewer, 51 guru-guru master iki sakteruse ngubar nyang murid-muride.
   Aju ring Banyuwangi hususe, murid-murid iki milu lomba ring Literasi Using, lan juwarane dikirim nang Festival Tunas Bahasa Ibu hang perayaane dipiloni peserta sak Indonesia ring Jakarta.
   Jare Kasi Mutu Dinas Pendidikan Pak Erpandi, taun iki Festival Literasi Using/Festival Tunas Bahasa Ibu tingkat Kabupaten arep digelar ring ulan Oktober 2025.
   "Paran maning saiki saingane sak Jawa Timur saya akeh, wolung kabupaten lan 1 kutha," jare Bu Okta hang asale teka Banyuwangi.
   Ring program ngubar iki uga disiyapaken penghargaan nasional nyang dhaerah hang ndhukung pelestarian basa dhaerah, kelawan ngirim  wakile nyang ajang Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) tingkat nasional.
   Hang wis kelaksan milu RBD yaiku Kabupaten Sumenep, Pamekasan, Sampang, Bangkalan, Bondowoso, Situbondo (kanggo basa Medura), Banyuwangi (kanggo basa Using) lan taun iki ditambah RBD basa Jawa ring Gresik, Sidoarjo lan kutha Surabaya.
   Sore SMPQ Safinda ring Jl.Pondoknongko, Secawan, desa Dadapan kecamatan Kabat wis ngangkati ngubar mata ajaran basa Using ring pitung mata acara iku.
   "Muga-muga taun saiki njumbul penembang kelasik hang kaya taun sore. Iku asile pengimbasan hang luar biyasah," jare Bu Okta.
   Taun sore suwarane Rivan kadhung hing ndeleng larene, kaya suwara gandrung wadon hang wis dewasa lan cengkoke seru kerasa Usinge. Rivan murid SD Lemahbangdewo Kulon iku menang ring Lomba Nembang Festival Literasi Using lan uga tampil ring FTBI ring Surabaya lan Jakarta.
    Bahasa Provinsi Jawa Timur (BBJT) ngelaksanakaken program Revitalisasi Bahasa Daerah minangka bagiyan teka ring Perlindungan dan Pelestarian Bahasa Ibu.
  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor