Novel Basa Using Menang Hadhiyah Anugerah Sutasoma
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 Oktober 2025 08:20 WIB)
- Laporan

Novel Basa Using Ulih Hadhiyah Anugerah Sutasoma
Novel basa Using karyane Kang Ujik, Ontrang-Ontrang Langit Payaman (penerbit Dispusip lan Sengker Kuwung Belambangan) ulih hadhiyah Anugerah Sutasoma kaping 17 teka Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT).
Manggon noring Gedung Tjut Nya’ Dien, BBJT Surabaya, Anugerah Sutasoma dielungaken minangka apresiasi BBJT nang wong-wong hang ngasilaken karya lan ngabdi kanggo merujuke donya sastera ring propinsi Jawa Timur.
Hadhiyah iki kaetung hang nomer loro kanggo sastera Using hang ulih penghargaan. Sedurunge, novel Agul-Agul Belambangan karya Moh. Syaiful (penerbit SKB) hang ulih hadhiyah Rancage 2017.
Ana pitung kategori anugerah Sutasoma hang arane dijuwut teka karya tulisan pujangga jaman Majapahit Empu Tantular yaiku Sutasoma hang ring njerone uga ana kalimat Bhinneka Tunggal Ika.
Iwuhe dihadhiri Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur Dr. Puji Retno Hardiningtyas, S.S., M.Hum., lan pejabat liyane teka lembaga mitra BBJT.
Kepala BBJT ngomong gok lembagane iku minangka unit pelaksana teknis (UPT) Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementerian Pendidikan Dasar dan Menengah kanggo wilayah Jawa Timur.
Saben taun BBJT ngelungaken penghargaan kanggo para penulis, penggiat sastra, lan guru bahasa/sastra di Jawa Timur hang ngabdi kanggo merujuke sastera.
Acarane ditekani 150 wong kelebu sastrawan, seniman, akademisi, penggerak seni lan sastra, komunitas sastra, lan guru ring Jawa Timur uga nampilaken rong kelompok penampil pertunjukan sastra.
Iki daptare pitung wong hang nerima Anugerah Sutasoma taun 2025:
1. Kategori sastrawan: Sunarko Budiman (sastrawan teka Kabupaten Tulungagung, wis berkarya lebih teka 46 taun)
2. Kategori karya sastra Indonesia: kumpulan puisi Anjing-Anjing Lepas Amarah (penerbit Edisi Mori, Malang, 2025) karya Yohan Fikri (pengarang teka Malang).
3. Kategori karya sastra daerah: novel Ontrang-Ontrang Langit Payaman (Dispusip lan Sengker Kuwung Belambangan, Banyuwangi, Juli 2025) karya Kang Ujik (Abdullah Fauzi), sastrawan teka Banyuwangi.
4. Kategori komunitas sastra: Komunitas Kampoeng Jerami (Moncek Tengah, kecamatan Lenteng, Kabupaten Sumenep).
5. Buku esai/kritik sastra: Puitika Kematian dalam Puisi Indra Tjahyadi (penerbit Pelangi Sastra, Malang, 2025) karya Nanda Alifya Rahmah (Surabaya).
6. Kategori guru bahasa dan sastra Indonesia: Suwarsono (SMPN 1 Puri, Kabupaten Mojokerto).
7. Kategori guru bahasa dan sastra daerah: Supriyoko (SMPN 1 Parang, Kabupaten Magetan).
Iwuh Anugerah Sutasoma uga nampilaken pertunjukan sastra lisan kentrung modheren ring Sanggar Seni Gedhang Godhog teka Kabupaten Tulungagung. Sanggar Seni Gedang Godhog iki tau Juwara 1 Festival Teater Bahasa Jawa taun 2024.
Macaan puisi etnik: Imam Riadi teka Blitar, Lukman Hakim AG teka Sumenep, Abdullah Fauzi teka Banyuwangi. Uga musikalisasi puisi teka Komunitas Kampoeng Jerami.
Dewan juri Anugerah Sutasoma 2025 teka akademisi, peneliti, lan sastrawan. Yaiku Prof. Dr. Djoko Saryono, M.Pd. (Guru Besar Sastra Indonesia Universitas Negeri Malang), Prof. Dr. Darni, M.Hum. (Guru Besar Sastra Jawa Universitas Negeri Surabaya), Dr. M. Shoim Anwar, M.Pd. (Sastrawan lan dosen Universitas Adi Buana Surabaya), Bramantio, M.Hum. (kritikus sastra, dosen Universitas Airlangga), lan Mashuri, M.A. (sastrawan dan peneliti Badan Riset dan Inovasi Nasional).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.