Olah-olahan Aseli Banyuwangi, Paran Bain?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 31 Desember 2024 11:50 WIB)
- Laporan
Paran bain hang kelebu panganan has Banyuwangi? Kementerian Hukum dan Hak Asasi Manusia ngakoni ana enem panganan minangka kekayaan intelektual komunal (KIK) Banyuwangi.
Sakat taun 2023, Banyuwangi ngajokaken 10 jenis panganan taping hang diterima mung enem dene hang papat hing kariya has Banyuwangi merga ditemokaken ring dhaerah liya.
"Enem iki hang wis metu sertipikate lan mastekaken gok panganan iku aseli bagiyan teka budaya Banyuwangi," jare Nanin Oktaviantie Kepala Dinas Koperasi dan UMP Banyuwangi.
Hang kelebu ulih sertipikat panganan aseli Banyuwangi yaiku Kesrut, Pecel Pitik, Pecel Rawon, Pindhang Koyong, Sega Cawuk, lan Sega Tempong. Dene hang diajokaken taping ditolak merga ana ring dhaerah liya kelebu ayam pedas, kelemben (bolu kuwuk), lan tahu walik.
Kelawan anane sertipikat iku Banyuwangi bisa ngenasi gok olah-olahan iku minangka bagiyan warisan budayane.
Jare Nanin emeh kabeh restoran lan hotel wis nyuguhaken olah-olahan iku. Mengarepe kene arep nerusaken nggawe kegiyatan kanggo nguri-uri nyuguhaken olah-olahan iku kelebu nggandheng asosiasi kanggo nggawe saya kesuwur, jare Nanin.
Kesrut iku olah-olahan nganggo pitik kampung hang kokohe diakehi belimbing wuluh lan lobok.
Aran pecel biyasahe hang ana sambel kacang lan kuluban rambanan. Taping Pecel Pitik ring Banyuwangi arupa pitik kampung hang dibakar aju dicampur kelapa parut hang dirageni. Setemene olahan iki bengene mung kanggo uba rampe upacara adat.
Kaya arane, Pecel Rawon iku minangka campuran kuluban lan sambel pecel hang disiram kokohe rawon.
Pindhang Koyong olah-olahan nganggo iwak hang ragine kabeh diiris. Ditambahi belimbing wuluh, rasane seger.
Ring sak ubengane Rogojampi, olah-olahan hang anane mung dienggo sarapan iki disebut sega cawuk. Kadhung ring kutha Banyuwangi disebute sega janganan. Sega disiram kokoh pindhang, aju didelehi gecok, pelasan, endhog pindhang lan semanggi sambel sere uga sambel kemiri.
Sega tempong akeh ditemoni ring warung-warung. Merga sambele hang pedhes, wong marek mangan kerasa kaya ditempong.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pirangane sumber
Editor: Antariksawan Jusuf