Ontrang-Ontrang Langit Payaman, Novel Basa Using Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 03 Juli 2025 07:00 WIB)
- Laporan
Ontrang-Ontrang, Novel Basa Using Anyar
Kang Ujik aran celukane, aran sebenere Abdullah Fauzi. Iyane pangsiyunan pegawe Dinas Kebudayaan dan Pariwisata.
Dina Minggu tanggal 29 Juni sore iyane ngetokaken novel basa Using Ontrang-Ontrang Langit Payaman. Kang Ujik kaya ngenceti uripe wong Payaman sampek jeroane.
Setemene novel basa Usinge iki dudu hang kawitan. Iyane malah bisa disebut pelopor penulis novel basa Using hang kawitan, yaiku Pereng Puthuk Giri. Ontrang-Ontrang iki bisa disebut terusane Pereng Puthuk Giri.
Kelendi iyane bisa nulis sampek perinthilan gedigu?
"Isun bengen magih taun 70-an dhemen ngeledrek ning sawah-sawahan. Rada nggelidhig. Kadhang tau jam 23.00 ngepasi serotong PKBR (Pabrik Keryas Basuki Rahmat) nyengung Isun magih ana ning dham Mojosari kulone tembok PKBR, golet jangkrik."
"Ning Payaman Isun uga kerep mider dodol gedhang goreng. Lha nalika anangisun rabi maning ulih perawan Payaman, sekira taun 1973, Isun tau nginep ning umahe anang. Anang Ali ninggal taun 1983 nalika Isun kelas l SMPP. Isun tau ngerasakaken hawane Payaman. Ngerasakaken sintrune Payaman, ngerasakaken tentereme masarakat Payaman hang ana magih buru pirang umah gedigu lan isun tau ngerasakaken adheme banyu sumber Payaman.
Imajinasi iku ngelumpuk sampek taun 1988, Isun enget Payaman. Naming nalika mulang ning SMP Sunan Giri I Gerogol. Angger mari subuh isun melaku nyang Gerogol ngeliwati Payaman. Tahun 1990-an nalika isun ana ning RKPD, dadi redaktur majalah/tabloid Gema BELAMBANGAN terbitane Humas Pemda. Nalika iku isun sempat nulis cerita masalah Pereng Puthuk Giri Ambi nyangking nyangking wilayah Payaman. Kala iku isun uga nulis asal-usule Watu Dhodhol, sing mulih-mulih teka Boyolangu merga kudu nggolet bahan sak akeh-akehe."
Sing maido Ontrang-Ontrang iku ditulis kelawan akas merga kabeh kaya wis nong pucuke derijine.
"Sun ketik sing sampek sewulan. Suwine merga laptope kudu nyilih-nyilih. Insyaalloh sekali lungguh mangkat ngetik sampek telung jam bisa ulih limang bab. Kadhung lancar. Kadhung pas dicelathoni "Emake Landa" ya paling ulih 2-3 bab."
Novel Ontrang-Ontrang Langit Payaman hang asile megawe bareng Sengker Kuwung Belambangan lan Perpusda, bisa diwaca ring: https://ebookbanyuwangi.id/book/ontrang-ontrang-langit-payaman/
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






