Pameran Lukisan Semerbak Mewangi ring Ketapang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 23 Juni 2025 06:24 WIB)
- Laporan



Pameran lukisan "Semerbak Mewangi" wis dibukak resmi ring Galeri Ujung Timur Ketapang, Banyuwangi. Acara hang dianakaken dina Kemis tanggal 19 Juni 2025 iki nampilaken karya-karya seni lukis teka ring seniman lokal Banyuwangi lan teka njaba kutha hang dianggep nduweni bakat lan kreatip.
"Pembukaan pameran lukisan iki minangka kesempatan kanggone masarakat Banyuwangi bisa ndeleng lan nikmati karya seni hang endah lan kreatip teka ring para seniman kutha liya uga para seniman lokal Banyuwangi," ujare Hasan Basri, ketua DKB.
"Kita ngarepaken iwuh iki bisa ningkataken rasa welas, wigati lan penghargaan masarakat nyang seni lukis. Lan uga mesthi bain pengarepane kita kabeh bisa nggawa ganda arume Kabupaten Banyuwangi kelawan seni lukis iki," imbuhe.
   Masiya panggonane ana ring pinggir lurung dalan propinsi naming rada hing pati katon, nyempil ring antarane tokok-tokok ring sandhinge Galeri Mozes Misdy. 
   Naming kadhung niteni asal pesertane, pameran iki wis bisa diarani ukuran kelas nasional. Delengen tah, pameran iku dipiloni pelukis teka endi-endi.
    Seliyane teka Banyuwangi, ana hang teka Bali, Jember, Lumajang, Pasuruan, Sidoarjo, Malang, Pamekasan, Mojokerto, Surabaya, Medura, Tuban, Kebumen, Yogyakarta, Semarang, Bekasi, Bandung, Mataram, Balikpapan. Malah ana hang teka negara manca yaiku Philipina.
   Kepala Desa Ketapang, Slamet Utomo nambahi ring pidhatone, "Isun kabeh milu girang lan mongkog bisa dadi tuan rumah pameran lukisan Semerbak Mewangi iki. Desa Ketapang nduwe potensi gedhe ring bidhang seni lan budaya, lan Isun kabeh ngarepaken gok iwuh iki bisa nganjerahaken lan nggawe kesuwur sugihe budaya nyang masarakat kabeh," ujare.
   Pameran lukisan "Semerbak Mewangi" dianakaken suwine 10 dina lan dibukak kanggo umum. Pengunjung bisa nikmati karya-karya seni hang endah lan kreatip, uga bisa kecaruk lan gesah ambi seniman-seniman lukis hang hadir.
   Ketua panitiya pameran Riyanto ngomong, "Pameran Lukisan Semerbak Mewangi iki nampilaken karya-karya seni hang luwar biyasah teka ring para seniman lukis njaba kutha Banyuwangi. Kita wis nampa lebih teka puluhan karya lukis hang maneka werna lan kreatip, lan Isun kabeh ngarepaken iwuh iki bisa dadi panggon kanggone seniman bisa pating ngedum karya lan pengalaman."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor