Pasangan Anyar Banyuwangi-Jepang
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Mei 2024 10:18 WIB)
- Laporan
"Alhamdulillah, sedurunge ya milu ngerasa kelayung, bingung, bayangena tah kawin beda negara pungkasane bisa ulih akte surat nikah," jare Aisyah Dwiazti Jayaningrum girang.
Aisyah, anake ruwahe Azhar Prasetyo, bisa nikah ambi lakine yaiku Sugita Naoki tanggal 4 Mei ring Masjid Besar KH. Ahmad Dahlan. Lakine, Sugita Naoki anak nomer loro pasangan Okawa Eji lan Sugita Yoshiko asal Jepang, katon milu girang masiya lesuh nguber acara nikahane, nunggang montor muluk mudhun Jakarta aju nunggang sepur nyang Banyuwangi.
Sakat rong taun kepungkur, Aisyah hang lulusan Jurusan Boga Universitas Malang megawe ring distributor makanan ring Perusahaan Makanan Nippon bagiyan distributor kuliner has. Iyane kecaruk lan kenalan ambi Naoki hang cumpu dadi jodhone.
Hang dadi wakil wong tuweke yaiku Kakange Aisyah hang aran Iqbal Darri Setyo Arif, nikahaken adhike nganggo basa Indonesia. Emane calon penganten Jepange wis sinau basa Indonesia sakat telung ulan kepungkur, bisa lancar ngucap ijab kabule. Naoki ngewani mahar utawane mas kawin arupa picis 100ewu Yen, gelang alit lan werangkat salat.
Kepala KUA Kecamatan Banyuwangi, Ahmad Sakur Isnaini, nyampekaken kawin antarane wong beda negara iki hing mung urusane penganten thok naming uga nyarukaken rong keluwarga gedhe. Mangkane kudu ati-ati lan kudu nyinaoni aturan lan tradhisi rong keluwarga.
"Emane kene wis tau nggelar kawin antar negara digi tepak tugas ring Glagah lan Licin," jare Ketua alumni Ponpes Al Anwari Kertosari iki.
Marek ngewani hotbah nikah, Kepala KUA iki ngarepaken penganten keloron bisa dadi keluwarga sakinah lan ngelairaken generasi qurani.
Jare emake Aisyah, Rahastuti Ridartiwi pengantene mesthi balik nang negara Jepang tanggal 7 Mei.
"Ring Jepang hing ana budaya ngundhuh mantu."
Ruwahe bapake Aisyah, Azhar Prasetyo, tau dadi wartawan Republika lan ngedegaken PPMA Bocah Angon lan Ki Gede Banyuwangi kanggo pemberdayaan masarakat, klinik koperasi lan UMKM.
(Aguk/AM/JN)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.