Pascal Popp: Nang Kemantenan Dienggo Nyambung Rasa
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 20 Juni 2025 07:54 WIB)
- Laporan
Magih enget pasangan wong Jerman hang milu melabot ring kemantenan noring Andong, Glagah? (ana ring belambangan.com 19/6).
Pascal Popp arane, umure magih 23 taun, asale teka kutha Ulm ring propinsi Swabia, Jerman. Teka nyang Banyuwangi ambi pasangane aran Cora. Iyane ngaku girang seru bisa milu nekani kemantenan teradhisional iku. Liwat WA iyane nulis:
"Kemantenan sore iku setemene hang kawitan Hun tekani ring iwuh kemantenan Indonesia. Malah iku kemantenan hang kawitan hang tau Hun tekani seperene," jare Pascal.
“Kahanane seru nggawe girang lan ndhemenaken. Isun seru digawe kaju ambi guyube komunitas kono,” tambahe Pascal.
Ya hing maido minangka wong njaban dadi pusat perhatian lan ulih akeh perhatian teka wong-wong.
Kemantenane hing mung nggawe girang taping uga ngewani kesan hang jeru nyang Pascal lan Cora. "Isun teka merana hing mung kanggo seneng-seneng naming uga milu bisa sinau lan nyambung rasa nyang bab hang beda, hang durung tau Sun weruhi."
Ring Jerman, jare Pascal, kemantenan dirayakaken kelawan cara hang seru bedane. "Hing ana memper-mempere blas."
Pascal lan pasangane, Cora, manggon ring Kemiren suwene telung dina, manggon ring umahe Kang Purwadi merga iyane arep munggah nang Ijen lan milu teka nyang kemantenan kelawan didandani kelambi adat cemeng-cemeng, udhengan lan Cora nganggo tapih lan kebaya.
"Isun hing mung manggon ring Kemiren, menyang pisan niliki kopi hang paling enak ring Banyuwangi. Mula hang apik seru iku Ijen kelawan anane geni birune hang hing ana ring panggonan liya ring donya iki... Seliyane Ijen, Isun ya magih kepingin nang panggonan liya. Sedurunge merene Isun ya wis menyang nang Jakarta, Bandung lan Yogya."
Jare Pascal iyane kepingin ngerasakaken budaya Indonesia hang saktemene, hing mung sukur paran hang disedhiyakaken dienggo turis. Naming uga weruh kelendi uripe wong kene, ngerayakaken urip, lan sesambungan siji lan liyane.
"Iku hang Sun temokaken nong kene ambi kanca hang luwar biyasah, Kang Pur," jare Pascal.
"Isun diwani aran kaya wong kono yaiku Senari...Hun rasa iku cara hang apik kanggone wong njaban. Isun ngerasa dadi bagiyane komunitas iku. Lan uga iku nggawe ati girang."
Sayange wong jak loron iku hing milu poto ambi kemantene. "Isun hing diwarahi ambi Kang Pur lan rabine, kudu ngelakoni paran digu. Dadi hing weruh kudu kelendi, hing weruh paran hang ulih dilakoni lan paran hang sing ulih, ring kono Isun ya hing ndeleng ana hang njuged utawa marani kemantene, mulane ya Isun meneng bain. Liya dina nawi bisa ulih kesempatan."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






