Pelatihan Kanggo Imam lan Hotib Enom

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 01 Juni 2023 09:45 WIB)
- Laporan



Dewan Masjid Indonesia (DMI) Banyuwangi ngirim kadhere miloni pendidikan lan pelatihan ring Surabaya sak perlu ningkataken kuwalitas hotib lan imam enom.
  Ketua Pimpinan Daerah DMI Banyuwangi H. Fathur Rahman nyampekaken kekarepane gok diklat iku minangka usaha kanggo ningkataken tampilan takmir lan masjid ring Banyuwangi.
   "Iki ya minangka bagiyan ngayomi jamaah makene imame saya perdhuli lan saya ngerti tata cara hutbah lan ngimami."
   Program diklat iki salah siji program penting hang dilakoni ring kepengurusane Fathur. Sakliyane iku pengurus wilayah uga wis ngethemi imam-imam masjid picis kesejahteraan imam.
    Diklate hang dianakaken ring DMI propinsi Jawa Timur manggon ring hotel Narita, Surabaya dipiloni utusan hotib lan imam enom sak propinsi, ditutup dina Rebo (31/5) sore.
   Saksuwine latihan kabeh peserta diajari masalah-masalah penting kanggone dadi hotib lan ngimami sholat. Contone sarat lan esahe hutbah; rukun hutbah; materine hutbah; tata carane imam lan liya-liyane.
   Teka Banyuwangi diwakili pengurus DMI, Mohamad Soleh Kurniawan lan takmir Masjid Besar ar-Raudlah, Kecamatan Kalibaru, M. Darussalam.
   Sakuwise diklat, Soleh Kurniawan nyampekaken materine akeh ngenani dakwah, utamane hang semesthine hing disampekaken ambi para pendakwah.
   "Umpamane hang kerep kedaden yaiku dawane wektu hutbah lebih teka biyasahe 5-15 menit. Durung maning materine hang sing tepak lan data-data hang sing bener," jare Soleh.
   Takmir Masjid Besar ar-Raudlah, Kecamatan Kalibaru M. Darussalam nambahi gok pelatihane iki penting seru.
   "Akeh materi anyar hang disampekaken ring wong-wong hang mumpuni lan praktisine hang wis akeh pengalamane langsung. Kayata, materi hang disampekaken al-Hafidz KH. Achmad Muzakki, imam  Masjid Nasional al-Akbar, Surabaya," jare Darus.
   Sakteruse asile pelatihan arep diterusaken ring pengurus masjid lan anggota takmir ring masjid Besar Kalibaru.
   "Wis ana agendhane, pengajian saben malem Senen lan malem Sabtu lan uga rapat koordinasi ring sipat mungkasi kegiyatan," jare Darus.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor