Pencak Sumping Ring Sewindu Waroeng Kemarang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 05 Januari 2026 07:26 WIB)
- Laporan



Pencak Sumping Ring Sewindu Waroeng Kemarang


​Mengeti wolung taun lakune Waroeng Kemarang Tamansuruh-Glagah, hang kawitan madeg 1 Jan 2018, digelar tanggapan wolung dina wolung bengi lan wolung kegiyatan teka raina marek bedhug sampek dalu.
   Kemarang nggelar akeh acara teka sarasehan lan Paju Gandrung, ritual Mudhun Lemah, Barong lan tari Gandrung, Angklung Caruk, Burdah, Pencak Sumping lan dipungkasi jaranan lan pameran lukisan.
   Ir. Wowok Meirianto, MT, lan rabine Ririt, hang duwe Waroeng Kemarang milih balik nong desa kanggo ngisi wektu pangsiyun, cumpu nemu donya hang nyenengaken lan ngewani akeh manpaat.
   Kemarang, sakliyane dadi ikon Omah Using hang gedhe lan duwe panggung omprog gandrung gedhe, uga nggandheng liyane: pemerintah, akademisi, pelaku pariwisata, lan macem-macem komunitas.
​  Dina Sabtu, 3 Januari bedhug sampek soren dianakaken atraksi Pencak Sumping teka rong Perguruan yaiku Cibagor lan Gagak Hitam, kelawan iringan musik gamelan teka karyawan Kemarang hang saiki wis duwe 60 pegawe, murid PKL, lan 30 seniman.
​   Para pendhekar nduduhaken penghurmatan kembangan dhewek-dhewek lan pasangan. Dikawiti jebeng cilik lare SD sampek adon-anang umur 75 taun. Ring pungkasan, telu pendhekar Gagak Hitam yaiku Santoso, Pauji, lan Anang Awik tampil nggawa teknik lan ekspresi hang apik, sampek Awik bisa ngunci Pauji sarta nampa "lolohan sumping".
   Hing kalah apik pendhekar Cibagor Mondoluko, hing mung nduduhaken pedhang lan celurit, naming uga siyasat  bisa ngerebut kethune kancane tandhing.
   Santoso (67) hang manggon parek bale desa nyebutaken gok Gagak Hitam iku warisan buyute sakat sakdurunge merdheka turun-temurun. Kadhung dirunut sakat wingi taklam, ana hang milu pasukan Rempeg Jagapati tepak Perang Puputan Bayu aju nyingkir nang Glagah.
    "Dadi aseli Jawa Using. Latihan dikawiti ambi kudha-kudha, langkah, pedhangan lan gegaman landhep, kembangan sampek uwohe. Niyate mung kanggo olahraga, kesehatan, lan njaga awak. Dudu kanggo pamer utawa tawuran!" jarene pimpinan hang nyebutaken latihan saben malem Minggu utawa Minggu dalu.
   Kang Santoso ngomong iyane wis milu latihan sakat durung balig dibimbing adone.
​   Sapawi (75) nambahi gok ilmune iku kudune disingidaken. Kejaba kadhung kepeksa kanggo mbelani awak.
   "Salah siji pendhekar kita iku romusha hang nggarap terowongan sepur ring Gumitir. Pesene yaiku kudu terus obah lan aktip kanggo njaga kepekaan lan kelincahan!" jare embah hang tau manggon ring Bondowoso suwine 45 taun iki.
   Dene benteng Cibagor yaiku Sa'i bin Rayis, mupakat cicit teka pendiri Perguruan Modin Kawitan hang ngelairaken sedulur Serad lan Senan hang tau sinau ring Pasundan.
   Saben bakda Duhur Idul Adha ring Dusun Mondoluko ajeg dianakaken Festival Pencak Sumping. "Kadhung pencak iki wis dadi adat teradhisi, dene kesenian gembrung utawa Burdah iku mupakat weluri!" jare penabuh gembrung hang nduweni aran si Kelir. Penabuh gembrung saiki wis langka seru, mung sisa siji ring desa Jambesari, siji ring desa Kemiren, lan pitu ring kampung Mondoluko.
​   Lare Mondoluko, Abdul Ghafur (27) hang ulih aran Pringgodani, ngerasa mongkog temenan milu pencak sumping sakat SD. Tepak sekolah, iyane dadi pelatih ekstrakurikuler Pencak Silat ring SMP Sunan Giri lan kerep tampil ring hajatan, karnapal, uga lomba sampek ulih beasiswa.
   "Bangete pandemi tepak isun sekolah ring SMK PGRI 1 Giri, kanca-kanca liyane mandheg latihan. Marek pandemi, lalare iku wis rumangsa gengsi lan sibuk ambi HP-ne. Sampek hang aktip kari kanca Alam, lan sukur saiki ana lare SD hang milu latihan!" jare teknisi wifi iki.
​   Kepala Desa Tamansuruh, Teguh Eko Rahardian, duwe impen ring wilayahe ana latihan pencak silat massal teka TK sampek kampus hang ana ring desa ereng-ereng Gunung Ijen iki.
"Muga-muga mbesuk ana Festival Pencak Sumping Sewu, kaya Kopi Sewu, Tumpeng Sewu, lan Gandrung Sewu hang wis go international. Perlu dikawiti nggawe tim hang nggawe buku sulung. Lan sakdurunge mungkasi tugas dadi Kepala Desa, Isun kepingin pilar ring Balai Desa ana ornamen pencak sumping hang sinergi ambi ornamen Gajah Oling lan Gandrung!" jare penerus Generasi Tawang Alun iki hang nutup sambutan kelawan kembangan silat hang nggawe kesengsem lan mistik religi sampek ulih keplok teka para tamu.

(Yeti  Chotimah/Bung Aguk)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor