Pengalaman Mertamba nyang Bu Ida Dayak (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 14 April 2023 07:02 WIB)
- Laporan
Sakjege keneng serangan setruk kira-kira pitung ulan kepungkur, isun golet tamba sak nemune. Sasate saben ana cara medis utawa alternatip sun cacak. Hang medis cara fisio terapi, pijet tradhisional teka telung tukang pijet hang jare spesialis setruk lan tukang pijet refleksi hang bisa njamin ping 20 pijetan bisa melaku. Ana pisan hang nganggo energi petir alias setrum, ana hang aran jari petir, ana hang telapak petir lan ring Banyuwangi ana hang nganggo setrum pisan tapi istilahe elektromagnetik, setrume bisa diatur gedhe cilike. Hang obat Cina dibungkus kertas emas ya tau, arane Angong, regane sak ombenan sampek jutaan. Ngombe ping lima, naming ya wutuh hing nduduhaken asil. Aju tepak mulih nong Banyuwangi tau pisan milu terapi dipendhem pasir ring pinggir segara ring Cacalan. Jare terapi iki apik merga kandhungan uyah hang ana ring pasir. Kadhung hing percaya, isun dikongkon ngompres banyu hang asale teka uyah kerosok aju kain hang dienggo ngompres diekum ring banyu uyah iku.Terapi pendhem iki cocog kanggone wong hang manggon ring Banyuwangi sebab butuh wektu suwi lan kudu saben dina. Taping mula isun yakin tamba lan obat iku jodho-jodhoan. Hing saben wong hang keneng penyakit hang padha tambane kudu padha. Hang paling cocog nang isun sakat kawitan iku dudu pijet taping akupuntur alias tusuk jarum. Tepak buru metu teka kamar sakit, awak bener-bener mati separo. Hing salah wong bengen ngarani setruk iki mati separo. Isun keneng awak hang sebelah tengen. Hubungan utek pedhot kabeh ambi awak sebelah tengen. Ambekana utek ngongkon tangan, tangane wutuh hing gelem ubah merga ana sarape hang pedhot. Tepak mulih teka kamar sakit, nganggo tungket krek ika hing bisa merga sikil tengen nyerintungi hang kiwa. Lungguh ring kasur bain, miring sithik bisa gemiblag. Awak separuh nana tenagane.
Aju tukang akupuntur iku ngomong, merga sarape ana hang ketutup, dadi perentah teka utek hing nggadug nong awak sebelah tengen. Keple. Akupuntur iku, istilahe, nggoletaken dalan liwat sarap liyane makene perentahe utek nggadug nang bagiyan awak hang dikongkon. Bener, marek diterapi sepisan, sakkal tangan bisa dikongkon ngangkat. Girange kaya wong tani diwani kedhokan telung hektar.Terapi kepindho, sikil sakkal bisa nempak, wis bisa kanggo njangkah sithik. Suwine terapi mung limalas menit. Endhas kiwa (merga utek kiwa hang merentah awak bagiyan tengen) dicubles ana nawi selusin edom. Edome lebih cilik timbang edom hang dienggo dondom kelambi. Lan wesi edome rada lemes. Aju ring lengen tangan, ngingsore pundhak ana pirangane edom pisan. Naming cumpu akupuntur hing bisa ngilangi abuh hang nong deriji lan delamakan tangan. Sampek wis enem ulan deriji magih abuh. Marek dicubles edom, aron mung rong dina. Abuh maning. Mula bener golet tamba iku jodho-jodhoan.
Aju sorene maning ana wong Ikawangi Tangerang Selatan, nawani gelem tah terapi nong Ibu Ida Dayak. Hun deleng nong youtube, Ibu Ida iki akeh nambani wong-wong setruk lan utamane hang belunge tugel, tangane/ugel-ugelane nekuk kaku. Dikusuk, dieser-eseri lenga kelir abang, aju ditarik lan sakkal tangan hang maune merkungkung dieluk sithik bisa lurus maning. Isun ngerasa kaya iya kaya using. Sebab kadhung ndeleng wong hang golet tamba seru akehe aju wayakendi ulih gilirane.
Cumpu, Ibu Ida arep nambani husus wong Ikawangi sebab ana mbok Sofi Ketua Bidang Olahraga lan rabine pulisi ring Bekasi hang parek ambi Bu Ida. Sedurunge, setemene Mbok Sofi wis tau nawani, naming isun magih mangmang ndeleng antriane mauka.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


