Pentas Taunan Teater Melati

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 10 Januari 2026 08:32 WIB)
- Laporan



Pentas Taunan Teater Melati        

Kanggo ngeramekaken pentas taunan Teater Melati hang kaping 19 SMANSA Glagah {9/1}, panitiyane nampilaken monolog hang dilakokaken ambi Kaka Rivy lan nampilaken drama.
   Ring sela-selane ana batekan hang pitakonane aneh-aneh ala lare sekolah. Kaya dene: Godhong paran kadhung dipethik malah jerit-jerit? Jawabe, “daun telinga”. Iwak paran hang bisa mandheg? Jawabe “paus”. Paran ayo kadhung diceluk malah melayu? Jawabe, “maling”.   
   Kadhung dideleng teka semangate, lare-lare hang pentas iku wis duwe ukuran dhewek ngenengi masalah drama. Nyatane, undangan hang akehe 700 iku sing umik teka panggonan lungguhe.   
   “Anggone, kene iki nguweni kesempatan ngundang pentholan-pentholane teater kanggo nambah wawasane lare enom-noman Banyuwangi. Dadi, bisa nambah keweruhe lare-lare ngenengi masalah seni teater,” abane Ketua DKB Kang Hasan Basri nalika dijaluki penemune, ring sela-selane acara.
    “Ring Banyuwangi kene iki mula kudu duwe panggonan ekspresi seni teater hang wera kaya Ganesha Indoor Sport SMANSA iki”, abane ngimbuhi ngomong.
      Salah sijine anggota panitiya, Kaka Rivy nalika buru mari tampil monolog nyampekaken kadhung iyane latihan teater sakat kelas siji SD sampek seperene ning Sanggar Seni Teater “Lare-Lare” duwene Kang Ujik.
    Uwis akeh perestasi hang diukir Kaka ngenengi kegiyatan maca puisi, dongeng, monolog, drama lan uga tau diejak suting sinetron. Panitiya nubengi bisa sampek nekakaken undangan atusan lare enom-noman iku kelendi carane?
   “Sak liyane nyebaraken undangan ring sekolah-sekolah setingkat SMA, uga nekakaken sanggar-sanggar seni hang ana hubungane ambi panggung,” abane.
    “Lare-lare iku semangate keneng dikajokaken. Undangan iku ana hang uwis teka sakat jam lima soren mau. Panitiyane sampek hang nginep-nginep ring sekolahane, jare kanggo njaga wutuhe semangat berkesenian. Apik. Taping arane lare magih SMA kudu ana hang ngarahaken temenanan, makene kegiyatan hang sipate positip iku aja sampek dikothori masalah liyane hang bisa ngedhunaken semangat. Muga-muga iklase lare-lare iku kegawa sampek dewasa. Sebab, paran-paran iku kadhung uwis keracunan ambi ukuranisun - dibayar pira? Isun ulih pira? - iku alamat kurang apik. Kadhung mula uwis propesional, mbisuke mesthi ana ukurane dhewek. Uwong liya hang ngeregani,” jare Kang Elvin Hendratha, aktipis seni musik teradhisional lan kritikus karya sastera iku, nalika dijaluki penemune ngenengi semangate lare enom-noman umume.
     Pentas tahunan Teater Melati SMA Negeri 1 Glagah uni bengi sampek dalu. Merga akeh hang ditampilaken. Kegiyatan hang kaya gedigu iku mula ulih dhukungan teka sekolahane.
   ”Kadhung using, ya hing kira bisa melaku lan bakate lare-lare kaendheg. Aju paran ulihe latihan methentheng? Isun ngarep-arep kelendi carane sekolahan liyane bisa mbombong semangate pelajar. Polae, sakat Covid bengen ika, kegiyatan pentas segi tiga berliyan {SMAN 1 Giri-SMKN 1 Banyuwangi lan SMAN 1 Glagah} uwis mandheg lan sampek seperene durung diangkati maning,” jare Pembina Teater Melati SMANSA Glagah, Siti Rohmatin Nazilah, S.Pd.

Kang Ujik

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor