Perupa Banyuwangi Butuh Gedhung Hang Pantes Dienggo Pameran

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 26 Oktober 2019 04:45 WIB)
- Laporan



Seniman lukis, pematung lan liyane, butuh anane panggonan utawa gedhung hang pantes (representatif) kanggo pameran. Sampai saiki, pameran lukisan kanggo mengeti Dina Dadine Banyuwangi, dianakaken ring Gedung Wanita. Siji-sijine panggonan hang diduweni Pemkab Banyuwangi, sakat kawitan orde Baru. Rencana Pameran Lukisan taun iki digelar mulai tanggal 3 Nopember sampek 11 Nopember 2019.

"Kudune Banyuwangi hang moncer arane ring donya, merga kesenian lan maneka rupa tradhisine, wis nduwe Gedhung Kesenian kanggo pameran lan pentas-pentas teater tertutup. Iki hang dadi masalah kanggono kanca seniman lukis, patung hang kepingin mameraken karyane. Gedung Wanita iki sakat bengen kahanane ya kaya gedigi, kayane kudu direnovasi miloni lakune jaman," gedigu ujare Sugiono, pematung hang uga dadi Ketua Panitia Pameran Seni Rupa lan Fotografi Mengeti Harjaba taun 2019.

Kadhung ndeleng tekade seniman uga apresiasi masyarakat nang kegiyatan pameran, kaya-kaya sing kalah ambi kutha hang jejuluk kutha budaya. Warga Banyuwangi mesti uyel-uyelan rebutan melebu, angger ana pembukaan Pameran Lukisan ring Gedhung Wanita. "Iku hang ngurubi tekade kanca-kanca terus makarya, merga masyarakat katon temen dhung ngeregani nang karya seni arupa lukisan, patung lan instalasi," tambahe Sugik.

Para seniman ngaku sing bisa pol-pole dhung nggelar acara pameran, merga iyane sak liyane dadi Event Organizer (EO) uga dadi peserta pameran pisan. Para seniman ngaku ana kekurange ring anggone nyebar wawarah (publikasi), makane sing maido akeh hang keliwatan. "Ya kelendi abete, kabeh padha nata karya hang arep dipameraken. Kadhung sing digu, stand bisa sing kakaruwan. Alae ana pegaweyan hang bisa nggrahi acara iki dirungokaken uwong lan diweruhi wong njaba," sambte Sugiono.

Saktemene, acara Pameran Lukisan angger taun iki, wis dienten-enteni wong akeh. Utamane seniman Banyuwangi hang manggon ring kutha liya. Kanggone para seniman teka njabani Banyuwangi, iki wayahe ketemu ambi silaturahmi. Uga kanggo niteni kelendi perkembangan seni rupa ring tanah kelahiran, sithik akeh uga ngabari perkembangan seni rupa ring njaba.

"Kadhung hang teka aju ngoleksi karya, umume magih pengusaha Banyuwangi dhewek. Wong njaba, utawa wisatawan hang teka nyang pameran magih ndeleng-ndeleng thok, durung ana hang ngoleksi. Kolektor njaba uga akeh hang teka, tapi iyane iku pancen kolektore kanca-kanca dhewek hang sengaja diundang. Mengarep, kudu ada upaya nekaken pengamat teka njaba. Kanca seniman sing sanggup, kadhung sonder ana cawe-cawe teka pemerintah. Kaya acara iku, 60% danane ya teka Pemerintah kabupaten Banyuwangi," pungkase Sugiono. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf